Prasetyanipun Gusti Punika Nyata Renungan Harian 23 September 2020

23 September 2020

Waosan : Wilangan 11 : 18 – 23 |  Pamuji : KPJ. 91
Nats
: “Apa ta panguwasane Pangeran Yehuwah iku kurang kanggo nindakake kang mangkono iku?” (Ay. 23b)

Kathah tiyang ingkang kepengin gesangipun sekeca, nedha eca, tilem sekeca, gesang ayem tentrem tanpa proses kedah prihatos, punapa malih nandhang sangsara. Bangsa Israel nandhang kaprihatosan wonten ing tanah pangawuhan Mesir salami 40 tahun. Gusti Allah badhe ngentas bangsa punika, ananging bangsa punika mboten mangertos rancanganIpun Gusti Allah. Nalika bangsa punika wonten sing satengahing ara-ara samun bangsa Israel  punika ngersula, maido, ngresah, nggrundel awit kekirangan toya, roti lan daging. Bangsa punika mboten mangertos menawi Gusti Allah ingkang nimbali, Gusti Allah ugi ingkang tanggeljawab nyekapi lan nrimati gesanging umatIpun.

Bangsa Israel mboten sadar bilih Gusti Allah kebak panguwaos, mboten mangertos rancanganipun Gusti Allah. Karana punika kawedal tembung ingkang ngremehaken Gusti Allah, “Sapa ta sing bakal menehi daging marang aku? Aku padha kelingan manawa mangan daging ana ing tanah Mesir tanpa tuku, apadene timun lan semangka, kacang, brambang sarta bawang.”(Wilangan 11:4-5). Saking tembung punika bangsa Israel namung mikiraken kasenengan ingkang sifatipun sawetawis. Kanthi tembung ingkang ngremehaken punika dadosaken Gusti Allah duka,  Nabi Musa ugi duka. Senajan toh mekaten, Gusti Allah tetep tresna lan kebak asih darma. Bangsa Israel minangka bangsa ingkang pinilih lan piniji tetep dipun tresnani, Gusti Allah maringi punapa ingkang dipun suwun inggih punika daging.

Kita mangertos senaosa Allah punika kebak asih darma menawi bangsa punika lepat ugi dipun ukum arupi paukuman-paukuman supados bangsa punika sadar lan mratobat. Punapa kita  nate ngresah, maido, ngersula mboten caos syukur ing gesang punika, kamangka berkahipun Allah punika luber? Menawi selami punika kita lepat sumangga  kita dandosi. Gesang wonten ing satengahing ara-ara samun (donya) punika pancen awrat. Ananging sumangga kita pitados lan mitadosaken gesang punika wonten ngarsanipun Gusti Allah. Gusti Allah ingkang ngrimati kita, Gusti ingkang makarya salebeting gesang kita angger kita purun sesambetan kaliyan Panjenenganipun.  Gusti  Allah kita punika Maha Kuwaos kebak asih darma lan kersa ngrimati gesang kita. (jian)

 “Allah ingkang ngripta kita, Allah ingkang tanggel jawab gesang kita”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak