Waosan: 2 Timotius 3 : 1 – 9 | Pamuji: KPJ. 124
Nats: “Sumurupa, yen ing dina-dina wekasan bakal ana mangsa kang rekasa. Wong akal padha mung mikir marang awake dhewe lan karem bandha.” (Ayat 1-2)
Bilih kita ningali kawontenan para pemuda zaman sapunika kadangkala kita rumaos prihatos. Kenging punika? Awit pengaruh saking media sosial lan lingkungan ingkang kirang sae ndadosaken para pemuda sapunika asring tumindak miturut pikajengipun piyambak. Kangge ngetutaken tren zaman, katah pemuda ingkang ngupaya kados pundi supados piyambakipun update kaliyan tren ingkang wonten punika. Pemuda punika pancen nggadhah kasagedan, talenta, lan kreatifitas ingkang ageng, karana punika kawontenanipun pemuda kedah dipun wadahi sarana kegiatan ingkang positif, supados para pemuda punika mboten kajebak ing pergaulan bebas lan dawah ing dosa.
Ing waosan kita ing dinten punika, rasul Paulus ngengetaken Timotius salebeting peladosanipun bab kahananing manungsa ing wekasaning zaman. Kasebataken bilih dinten wekasan punika dinten ingkang rekasa, ing pundi tiyang namung mikir gesangipun piyambak, remen bandha, gumunggung, dados tukang mitenah, wantun kaliyan tiyang sepuh, lan mboten peduli kaliyan agami (Ay. 2). Mekaten ugi salebeting gesangipun, tiyang punika tebih saking katresnan, mboten purun rukun, remenipun ngala-ala tiyang sanes, mboten saged ngendhaleni dhiri, ambek siya, mboten remen kabecikan, lan gesangipun tebih saking Gusti (Ay. 3). Pramila rasul Paulus ngengetaken Timotius supados waspada lan nebihi tumrap kawontenen tiyang ingkang piyambakipun ngabekti sacara lair, ananging batinipun tebih saking Gusti (Ay. 5). Sarana gambaran kawontenan tiyang ing wekasan zaman punika, rasul Paulus ngatak dhateng Timotius supados tatag anggenipun ngadepi panggodha lan tetap setya lelados.
Miwiti pekan pemuda punika, kita dipun engetaken bilih kita sadaya kagungan tanggel jawab kangge gulawentah para pemuda kanthi katresnan. Tuwuh sarta ngrembakanipun pasamuwan gumantung kita, kados pundi kita maringi kesempatan lan wadah kangge pemuda makarya lan leledos ing pasamuwan. Pangajeng-ajengipun pemuda GKJW punika saged dados pemuda ingkang tanggon, pemuda ingkang mboten gampang katut arusing donya. Karana punika, mangga kita makarya sesarengan kaliyan para pemuda kangge mujudaken GKJW ingkang dados berkah. Mekatena kita ugi sami waspada tumrap sadaya pengaruhing zaman, sampun ngantos kita dawah ing dosa awit tebih saking Gusti. Mangga dados warga ingkang tanggon, pemuda ingkang tanggon ngadepi zaman wekasan punika. Amin. [AR].
“Pemuda ingkang tanggon punika awit gesangipun raket kaliyan Gusti.”