Nulad Samuel Pancaran Air Hidup 23 Oktober 2024

23 October 2024

Waosan: 1 Samuel 12 : 1 – 25  |  Pamuji: KPJ. 439
Nats: Panjenengan boten nindhes kula, lan boten nate tumindhak kasar, punapa dene panjenengan boten nate nampeni punapa-punapa saking sinten kemawon.” (Ayat 4)

Punapa panjenengan kagungan tokoh “idola” utawi “inspiratif” karana tumindakipun ingkang saestu dados berkah tumrap tiyang sanes? Menawi sampun wonten, mbok menawi Samuel saged panjenengan tambahaken. Waosan dinten punika nedahaken kados pundi tumindakipun Samuel ingkang inspiratif. Kathah tiyang ingkang mbiji dhiri pribadinipun kanthi sae, “Tenan lho, aku iki ora tau tumindak ala marang wong. Aku ora tau ngapusi liyan, ora kasar, pokoke aku iki apikan.” Nanging, kados pundi nalika tiyang sanes ingkang kedah mbiji? Tetep sami punapa benten?

Nalika pamitan kaliyan Bangsa Israel sakrampungipun njebati Saul jumeneng ratu, Samuel nyuwun pirsa dhateng umat Israel bab tumindak gesangipun. Wangsulanipun umat Israel saestu dados paseksi ingkang mbingahaken. Samuel minangka hakim ingkang pungkasan saestu sampun dados tuladha ing bab kasaenan, kaadilan, alusing bebuden, lan kajujuran. Punika nedahaken bilih ing satengahipun pasrawungan lan gesang sinarengan kaliyan umat, Samuel sampun mujudaken dhawuhipun Gusti, boten namung ing pitutur kemawon, ananging ugi ing sadhengah pigesangan. Sinten kemawon, boten kabentenaken dening Sang Nabi.

Paseksi bab tumindakipun Samuel punika kalampahan ing sangajengipun Saul ingkang nembe kajebadan dados Ratu. Pramila, punika ugi dados satunggaling tuladha kados pundi tumindak dados pangajenging umat. Paseksi punika dados pangatag tumrap Saul minangka ratu umatipun Gusti supados saestu mujudaken keadilan lan keyekten. Dados tiyang ingkang menginspirasi, punika ugi dados pangatag kangge kita sadaya.  Wonten ing wulan ekumene punika, sumangga kita sinau nuladha sadaya bab ingkang sae kanthi nindakaken pakaryan ingkang menginspirasi ing salebeting tumindak ingkang adil, yekti, lan jujur dhumateng sinten kemawon, kalebet sedherek ingkang kasebat marginal supados ngraosaken katentreman ugi. Amin. [KRW].

“Nulad Samuel ing gesang, saged kanthi mbangun paseduluran lan sesarengan tumindak adil, jujur kanthi alusing budi.” 

Renungan Harian

Renungan Harian Anak