Waosan: Lukas 18 : 9 – 14 | Pamuji : KPJ. 357
Nats: “Awit sing sapa ngluhurake awake dhewe, bakal kaasorake, dene kang ngasorake awake dhewe, iku bakal kaluhurake.” (Ayat 14b).
Eksklusif punika panganggep bilih diri pribadi utawi golonganipun piyambak punika dados ingkang paling leres, paling sae, paling suci, lan paling inggil. Dene tiyang utawi golongan sanes kaanggep lepat, awon, lan asor. Raos eksklusif punika saged dados salah satunggaling pepalang kangge nindakaken hubungan ekumenis sesambetan kaliyan umat sanesipun. Tiyang utawi golongan ingkang eksklusif boten remen srawung utawi sesambetan kaliyan tiyang utawi golongan sanesipun. Menawi purun srawung, tiyang utawi golongan sanesipun boten remen dhateng piyambakipun utawi golongan punika. Karana punika, greja kita GKJW tansah mbudidaya ngicali eksklusifisme ing satengahing gesang masyarakat.
Cariyosipun Gusti Yesus ing waosan kita dinten punika nedahaken bilih golongan Farisi punika golongan ingkang eksklusif. Tiyang-tiyang Farisi boten purun srawung kaliyan para juru mupu beya, cecaketan kemawon boten purun. Tiyang Farisi punika nganggep juru mupu beya punika asor lan kebak dosa. Karana kaanggep asor lan kebak dosa, juru mupu beya punika nebih saking tiyang Farisi ingkang eksklusif, ingkang rumaos suci lan mursid kalawau.
Sanadyan kita pitados bilih margining gesang ingkang kita lampahi wonten ing Gusti Yesus Kristus punika yektos leres, nanging sampun ngantos kita nganggep bilih tiyang utawi agami sanes punika lepat lan awon. Sanadyan greja kita GKJW punika katata kanthi sae manut karsanipun Gusti Yesus, nanging sampun ngantos kita nganggep bilih greja sanes mesthi lepat lan awon. Kadosa pundi leres, sae lan tumataning agami lan greja kita, greja lan agami sanes mesthi ugi nggadhahi kasaenan lan kalangkungan. Kita kedah ngrumaosi bilih kita taksih nggadhahi kekirangan anggen kita nglampahi gesanging agami lan pranataning greja. Kita kedah mbuktekaken watak andhap asor kita. Kita tetep prelu sesambetan ekumenis kaliyan umat agami sanes lan umat greja sanes. Wonten ing sesambetan punika kita saged sinau kasaenan saking agami lan greja sanes, kita saged atur paseksi bab karsanipun Gusti. Kanthi sesambetan ekumenis kita ugi saged dados berkah tumrap sadaya titahipun Allah. Sampun mangu-mangu! Sampun nebih saking umat agami sanes lan umat greja sanes! Amin. [st].
“Srawung klawan liyan bisa nambahi kawruh lan kawicaksanan.”