Nuladha Marang Gusti Allahmu Renungan Harian 23 Oktober 2020

23 October 2020

Waosan : Titus 2 : 7 – 15 | Pujian : KPJ. 55 : 2
Nats: “Panjenengané wis masrahaké sarirané kanggo kita, yakuwi kanggo nylametaké kita saka sakèhing piala, lan ndadèkaké kita dadi kagungané piyambak, umat sing suci, sing kesengsem marang penggawé becik.” (Ay. 14)

“Buah jatuh tidak jauh dari pohonnya”. Paribasan punika maringi pirsa bilih kawontenanipun anak ing babagan tindak lampah, karakter, pakulinan boten tebih kaliyan kawontenan tiyang sepuhipun. “Sekedhik kathah” wonten perangan – perangan ingkang dipun conto, dipun tiru lan dipun tuladhani dening anak. Menawi dipun gandhengaken kaliyan gesang kekristenan mesthinipun paribasan punika inggih mathuk, amargi anggen gesang sesambetan kaliyan Gusti minangka Allahipun boten winates ing umat kaliyan Gusti, ananging sesambetanipun kagambaraken kados putra kaliyan Ramanipun.

 Karana saking punika mesthinipun tindak lampahing manungsa kedah saged nuladhani Gusti Allah minangka Ramanipun. Titus 2:7–15 maringi piwucal sae kagem para umat amargi ing ngriku maringi pirsa prekawis – prekawis ingkang dados perangan karakteripun Gusti Allah, karakter ingkang kedah wonten ing batos lan lairing manungsa. Sepisan, tuladha nindakaken pandamelan becik (Duta Kabecikan). Kaping kalih, Temen jujur anggen mucalaken kayekten. Kaping tiga Suci tanpa cacad. Kaping papat dados panglipur boten dados sumbering padudon. Kaping gangsal boten curang ananging tulus lan setya ing sadhengah kasaenan. Perangan – perangan punika wau sampun dipun lampahi dening Gusti Allah lumantar rawuhing Sang Kristus. Punapa ingkang dipun tindakaken dening Gusti Yesus punika saestu dados berkah kangge sedaya tiyang pitados.

Pramila kasuwun kita supados nglajengaken tindak lampahipun Sang Kristus wonten ing pigesangan punika. Kawontenan kita kedah kados Sang Kristus ingkang nggadhahi semangat nindakaken kasaenan minangka pawujudaning katresnan kangge kita. Sumangga sedaya punika kita dadosaken pakulinan, kita dadosaken penyemangat anggen makarya ing peladosan lan kita dadosaken gegayaning gesang. (nDrung)

 “Nuladha dhateng Gusti Yesus, nuladha ing kasampurnan”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak