Waosan: Wahyu 11 : 15 – 19 ǀ Pamuji: KPJ. 128 : 1, 2
Nats: “Para bangsa sampun sami nepsu, nanging bebendu Paduka sampun katingal sarta sampun dumugi wekdalipun para tiyang pejah dipun adili tuwin paring ganjaran dhateng para abdi Paduka, …” (Ayat 18)
Bencana alam punika asring nuwuhaken trauma. Sasampunipun bencana lindhu, wonten tiyang ingkang ajrih menawi ningali wit-witan ingkang obah kesapu angin. Kathah tiyang ingkang mlajeng amargi wonten pawartos bilih badhe wonten tsunami, senajan ta namung kabar kabur (hoax). Ing kahanan ingkang kados mekaten, pawartos ingkang cetha lan leres punika ingkang dipun betahaken. Pambiyantu saking para sedherek lintu ingkang paring pendampingan punika wigati, supados sederek ingkang kenging bencana alam punika saged luwar saking trauma ingkang dipun raosaken.
Mekaten kahanan gesangipun para pitados, pitu pasamuwan ingkang wonten Asia-Alit. Para pitados kedah njagi iman kapitadosanipun ing satengah pranatanipun Kaisar Romawi. Sedaya wilayah jajahan kedah sujud manembah dhumateng Kaisar Romawi. Ing kawontenan ingkang mekaten punika, para pitados ngraosaken ajrih karana kathah para pitados ingkang kaaniaya sarta dipun pejahi awit mboten netepi pranatan punika. Wahyu saking Gusti Yesus Kristus dhumateng Yokanan punika dados panglipuran ingkang sejati. Ing pundi Gusti Allah badhe ngetingalaken kuwaosipun wekdal kalasangka sepisan ngantos enem kaunekaken. Dene wekdal kalasangka ingkang pungkasan kaunekaken kaadilanipun Gusti badhe kagelar. Pawartos ingkang kaserat dening Yokanan punika, mboten kangge damel ayem sawetawis wekdal kemawon, ananging kahanan nyata ingkang badhe dipun tetepi dening Gusti Allah.
Ing sakiwa tengen kita taksih kathah tiyang ingkang nandhang kaprihatosan. Mangga kita sami nggatosaken punapa ingkang saged kita aturaken dhateng sederek kita punika. Mangga kita saged nglipur sedherek kita punika supados piyambakipun mboten rumaos ajrih ngadepi gesang, sansaya kiyat lan sabar anggenipun ngadhepi maneka warna pambengan gesangipun. Kabar kabingahan, tembung-tembung ingkang ngiyataken saged dados sumbering kekiyatan sedherek ingkang nandhang kasisahan. Sumangga kita saged nyeksekaken sih kamirahanipun Gusti Allah ingkang sampun karsa mitulungi gesang kita. Amin. [PKS].
“Aja nganti ana tembung reged kawetu saka ing tutukmu, nanging munga tembung kang becik kanggo mbangun.” (Efesus 4: 29)