Ngawula kanthi Mardika Pancaran Air Hidup 23 Maret 2022

23 March 2022

Waosan: Wilangan 13 : 17 – 27 ǀ Pamuji: KPJ. 351 : 1, 2
Nats:
“Padha ditatag lan nggawaa pametune tanah sawatara.” (Ayat 20)

Anggenipun badhe lumebet dhateng tanah prasetyan, Nabi Musa ngutus bangsa Israel kangge nilik kawontenanipun tanah Kanaan punika. Sajangkah malih bangsa Israel dumugi ing tanah Kanaan punika. Sekedap malih, bangsa Israel saged ngraosaken kamardikan sak sampunipun medal saking Mesir. Saderengipun ngraosaken kamardikan ing tanah prasetyan, kathah prekawis ingkang kedah dipun cawisaken. Bangsa Israel kedah nyumurupi kahanan tanah Kanaan punika kados pundi? Punapa aman lan kathah tetuwuhan ingkang saged kaginakaken kangge gesang padintenan? Wosipun, samudayanipun saged jangkep supados bangsa Israel boten ngalami kasangsaran malih. Bangsa Israel saged nggayemi prasetyanipun Allah. Temahan, bangsa Israel boten ngawula dhateng bangsa sanes malih, ananging namung ngawula dhumateng Gusti Allah kemawon.

Pacawisan tumuju kamardikaning gesang punika kedah dipun budidaya dening para tiyang pitados. Awit pambudidaya punika ngeneraken para tiyang pitados dhateng kamuktening gesang, temahan piyambakipun boten ngawula malih dhateng kadagingan. Kamardikan ingkang sejati inggih punika kamardikaning manah ingkang sawetahipun ngawula dhumateng Gusti Allah. Kamardikan ingkang kados mekaten, saged kita upaya kalawan manah ingkang tatag. Tamtu kita sampun kathah ngadepi prekawis ingkang nuwuhaken pambereg supados kita tatag. Dinten-dinten kepengker ing salabeting pandemi, saged ugi dados landesan sapinten anggenipun kita nglampahi gesang punika kanthi tatag. Dene ing dinten-dinten punika kita saweg ngupaya pulihing gesang, mangga kita budidaya kalawan nengenaken tataging manah.

Minggu pra paskah punika dados wekdal ingkang sae kangge kita ngantepaken manah. Kita sami ngraos-ngraosaken pangurbanan saha wungunipun Sang Kristus Yesus ing dinten Paskah. Tatag ing manah kedahipun kita upaya kanthi saestu. Awit lumantar tataging manah, kita saged nggayemi bilih prasetyanipun Gusti Allah punika saestu kalampahan sinarengan dening pananggeling gesang kita. Prasetya saha pananggelipun Gusti punika entheng lan sekeca, satemah entheng lan sekeca ugi anggen kita sawetahipun ngawula dhateng Gusti ing satengahing kamardikan iman kita. Amin. [aan].

”Tatag nedahaken kamardikan, dene pasambat nedahaken pangawulan.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak