Pencitraan Sae Renungan Harian 23 Maret 2019

23 March 2019

Waosan : Lukas 6 : 43 – 45 | Pamuji : KPK 441
Nats : “Wong kang becik iku metokake barang kang becik saka ing simpenaning atine kang becik,…” [ayat 45a]

Ing babagan politik, tembung “pencitraan” asring dipunucapaken. Pencitraan menika saged dipunpahami satunggaling upadi kangge nuwuhaken gegambaran dhiri tertamtu supados tiyang sanes kesengsem. Umumipun tembung menika dipunangge nengeri menapa ingkang dipuntindakaken para politisi utawa panguwaos. Menawi wonten calon kepala paprentahan utawi calon anggota DPR ingkang nyalonaken dhiri dados pejabat paprentahan utawi anggota DPR ing Pemilu, sae Pemilihan Legislatif (Pileg), Pemilihan Presiden (Pilpres), Pemilihan Kepala Daerah (Pilkada), mila para calon menika kedah nepangaken sinten sejatining piyambakipun. Wonten ingkang ngersakaken dipunkenal dados tiyang ingkang pinter. Mila piyambakipun badhe nindakaken utawi ngucapaken perkawis-perkawis tertamtu ingkang ndadosaken tiyang- tiyang sami nggadhahi gegambaran lan yakin bilih piyambakipun saestu pinter. Wonten ingkang ngersakaken dipunkenal dados tiyang ingkang nggatosaken tiyang mlarat, mila piyambakipun lajeng asring nyambangi panggenanipun tiyang-tiyang miskin, asring paring sembako kangge masyarakat miskin, lan sapanunggalanipun.

Pencitraan menika sanes perkawis ingkang ala nalika pancen priyantun ingkang nindakaken boten gadhah tujuan kangge nggorohi tiyang kathah. Tujuanipun namung kepengen nepangaken sejatining dhirinipun supados tiyang sanes saged tepang. Pencitraan menika katindakaken krana masyarakat mbetahaken simbol kangge mangertosi jatining para calon wakil rakyat, presiden, ugi kepala daerah.

Kathah tiyang ingkang gadhah pamanggih bilih pencitraan menika mesthi ala. Kamangka sayektosipun boten mesthi makaten. Ing babagan politik, politisi ingkang tumindak sae krana pancen piyambakipun sae menika wujud upadi komunikasi. Menapa ingkang dipuntindakaken nyata sae menapa boten, saged dipuntitik saking gesangipun sadinten-dinten.

Gusti Yesus dhawuh, “ Wong kang becik iku metokake barang kang becik saka ing simpenaning atine kang becik,…” Ing babagan karohanen, tumindak sae menika medal saking batos ingkang sae. Nanging saged ugi, tiyang pitados tumindak sae boten krana batosipun sae, nanging krana kepengen dipunanggep sae. Mula sumangga nliti batos kita. Menapa tumindak sae kita sampun lair saking batos ingkang sae? Panjenengan piyambak lan Gusti Allah ingkang pirsa. [dn]

“Becik ketitik, ala ketara.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak