Sengsara Membawa Nikmat Pancaran Air Hidup 23 Juni 2026

23 June 2026

Waosan: Wahyu 2 : 8 – 11  |  Pamuji: KPJ. 146
Nats:‘’Sira aja wedi ing sadhengah kasangsaran kang kudu sira sangga!’’ (Ayat 10a)

Wonten taun 1991 nate wonten satunggal sinetron ing TVRI ingkang judulipun Sengsara Membawa Nikmat, ingkang kaangkat saking novel seratanipun Tulis Sutan Sati ing tahun 1934. Novel punika kagolong karya sastra ingkang endah ing nagari Indonesia. Klayan setting panggenan wonten Minangkabau ing jaman kolonial bangsa Walandi, sinetron punika nyariosaken bab rekaosipun tiyang ingkang naminipun Midun. Sinaosa kedhah nglampahi mawerni-werni rekaosing gesang krana dipun mengsahi dening tiyang-tiyang ingkang mboten remen kaliyan piyambakipun, pungkasanipun Midun saged nggayuh kabingahan gesang krana piyambakipun tansah sabar, telaten, lan pitados. Kasangsaran ingkang pungkasanipun nuwuhaken kasaenan.

Punapa ingkang karaos dening Midun ing novel Sengsara Membawa Nikmat punika mbok bilih ugi sami kaliyan ingkang dipun raos dening pasamuwan ing Smirna, ingkang kacariyosaken ing waosan kita. Pasamuwan Smirna punika kawastanan pasawuwan alit lan nembe tuwuh mbudidaya kasetyan dhumateng Gusti. Ing salebeting gesang, pasamuwan Smirna punika ngadepi panganiaya saking tiyang-tiyang ing sakupengipun, ingkang sami mboten remen kaliyan kawontenanipun para tiyang pitados, pandherekipun Gusti. Lumantar seratipun, Rasul Yokanan paring kakiyatan saha panglipuran dhumateng Pasamuwan Smirna bilih panganiaya punika namung sawetawis wekdal kemawon. Ing kahanan ingkang kebak panganiaya punika pasamuwan Smirna dipun suwun supados tansah mbudidaya kasetyan dhumateng Gusti.

Mekaten ugi kita ingkang gesang ing jaman samangke, mbok bilih kita ugi nate ngraosaken kasangsaraning gesang ingkang tuwuh mboten krana tumindak kita piyambak, ananging saking pihak sanes sak njawi kita. Asring kita mboten mangertos punapa ingkang dados jalaran kasangsaran kita punika. Ing kahanan punika, mangga kita tansah pitados bilih Gusti Allah wonten ing Gusti Yesus Kristus, pirsa saha ndherek ngraosaken kasangsaran kita.  Panjenenganipun ing Gusti Yesus sampun nate nandhang sangsara, seda, lan wungu saking antawisipun tiyang pejah. Mangga kita pasrah sumarah dhumateng Gusti, kita mbudidaya gesang ingkang sehat lair lan batin, tansah sabar, tatag, lan pitados dhumateng Gusti. Awit kasangsaran krana manggul salib punika nuwuhaken berkah tumrap gesang kita. Amin. [ads].

“Kula Tuwan kiyataken sageda tahan susah. Sampun ngantos kemuriten, sampun cuwa ing manah.” (KPKL 137)

Renungan Harian

Renungan Harian Anak