Waosan : Lukas 8 : 26 – 39 | Pamuji : KPJ 283
Nats : “… nanging Gusti Yesus ndhawuhi lunga….” [ayat 38]
Kados pundi raosing manah kita manawi kita dados wong kang kepanjingan dhemit? Kados pundi raosing manah kita bilih lumantar Gusti Yesus kita nampi kasarasan ? Kados pundi raosing manah kita wekdal badhe ndherek Gusti Yesus lajeng boten angsal palilah ?
Kita sadaya tamtu gadhah pepenginan supados gesang kita tansah mulya lan sekeca. Boten gadhah penyakit, boten wonten prakawis gesang ingkang awrat lan sadaya pepenginan kita saged kasembadan. Nanging nyatanipun punika inggih boten tamtu kalampahan.
Waosan kita nyariosaken pepengenan ingkang dipungadhahi dening tiyang ingkang suwaunipun kapanjingan dhemit. Pancen punika kawiwitan ingkang gadhah pepenginan sejatosipun para dhemit, nanging kalajengaken dening tiyang ingkang dipun sarasaken dening Gusti Yesus. Pepenginan saking dhemit punika dipuntampi lan dipunwujudaken dening Gusti. Nanging saklajengipun wonten pepenginan ingkang boten dipuntampi dening Gusti Yesus. Ayat 38 nyerat bilih ”Gusti Yesus ndhawuhi lunga”. Tamtu punika saged nuwuhaken raos kuciwa kangge piyantun ingkang gadhah panyuwunan. Pranyata wosipun saking dhawuh punika, kaserat ing ayat 39, “muliha menyang ing omahmu”. Punika sejatosipun panggulawentah lan karsanipun Gusti Yesus ingkang kedah dipun tampi lan dipun wujudaken. Dhawuh punika ateges wonten tanggel jawab ageng kangge piyantun ingkang sampun nampi kasarasan saking Gusti. Kedah nyariosaken lan dadios juru paseksi sih katresnan Gusti Yesus kangge brayatipun.
Ukara “ing omahmu” manawi wonten ing GKJW saged ngemutaken kita dhateng program SADAR, inggih punika Satu Alkitab Dalam Rumah Tangga. Boten namun bleger wujud kitab suci lan pamaosing kitab nanging ugi gesang cunduk dhateng suraosing kitab suci ing gesang para brayat. Kita ugi kemutan bilih rumiyin ing GKJW wonten Badan Pekabaran Injil (BPI) ingkang gadhah tanggel jawab nglampahi Pekabaran Injil dhateng tiyang ing kathah panggenan. Dinten-dinten punika, kita taksih lumebet ing Bulan Kesaksian dan Pelayanan GKJW. Wonten pitakenan ageng kangge kita, punapa kita nate nyuwun dhumateng Gusti supados kita dados Juru Paseksi ingkang sembada? Babagan punika saged dipun wiwiti saking brayat kita. Mangga kita mbudidaya dados juru paseksi sacara runtut lan tumemen. Lan langkung-langkung kita dados juru paseksi bab sih katresnan Gusti ingkang sampun langkung rumiyin kita raosaken piyambak. [WdK]
“Sak estu nyuwuna gesang dados Juru Paseksi Gusti Yesus”