Endi sing Perlu Didisikne Pancaran Air Hidup 23 Juli 2021

23 July 2021

Waosan: 2 Para Raja 3 : 4 – 20 |   Pamuji: KPJ. 155 : 1 – 3
Nats:Ratu ing Israel lan ratu ing Yehuda sarta ratu ing Edom banjur padha tindak nglurug. Nanging bareng anggone tindak mrana-mrene wus oleh lakon pitung dina, jebul ora ana banyu kanggo wadya-bala lan kanggo kewan-kewane.” (Ayat 9).

Saben tiyang ingkang gesang wonten ing alam donya punika, tamtu nate ngalami prekawis ingkang kadadosan ing satunggal wekdal sesarengan, sae punika prekawis ingkang sepele, mekaten ugi prekawis ingkang awrat. Contonipun bab pagebluk Covid-19. Anggenipun tiyang ngadhepi prekawis ingkang kedadosanipun sesarengan kalawau benten-benten. Wonten tiyang ingkang gupuh lan mboten saged ngrampungaken prekawisipun kanthi sae karana saking kathahipun prekawis ingkang dipun adhepi. Ananging ugi wonten tiyang ingkang siap lan tatag ngadepi prekawis gesangipun. Pramila ingkang prayogi, saben tiyang punika saged mranata gesangipun kangge ngadhepi prekawis-prekawis ingkang kelampahan sesarengan kalawau kanthi namtuaken skala prioritas pundi ingkang badhe dipun rampungaken rumiyin.

Prabu Yoram dipun abenajengaken kaliyan ratunipun Moab ingkang mbalela dhumateng krajan Israel. Nalika mangertosi prekawis punika, Prabu Yoram enggal-enggal nglempakaken wadyabalanipun kangge nggempur tentara Moab. Ananging Prabu Yoram kesupen kaliyan Gusti Allah ingkang saged paring pitulungan. Prabu Yoram namung mburu emosi, grusa-grusu, namung modal nekat. Ing wusana, pangupadi nggempur tentaranipun Moab punika manggihi panerak, inggih punika boten wonten toya kangge wadyabala lan kewan-kewanipun. Prekawis punika karana Prabu Yoram mboten ngrancang lan nata kanthi sae, punapa malih mboten emut babar pisan kaliyan Gusti Allah. Untungipun ing satengah-tengahipun margi, wonten Yosafat ingkang emut kaliyan Gusti Allah lajeng nyuwun pitulungan Gusti Allah lumantar nabi Elisa.

Nemtokaken skala prioritas, pundi ingkang badhe dipun rumiyanaken punika saestu mligi tumrap gesangipun saben tiyang, supados gesang kita saged tumata lan prekawis-prekawis ingkang kita adhepi saged kita rampungaken kanthi sae. Mboten namung grusa-grusu, namung mburu saged rampung, ananging ing wusananipun prekawis ingkang sejatosipun kalebet prekawis limrah justru tambah awrat lan mboten saged dipun rampungaken. Karana punika mangga kita ngupadi, mranata, lan nemtoaken skala prioritas tumrap prekawis-prekawis ingkang kita adhepi. Ingkang utami, kita purun ngakeni winatesing kekiyatan gesang kita lajeng nyuwun pitulungan dhumateng Gusti Allah. (YEP).

 “Sajrone ngrerancang, aja lali marang Gusti Allah”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak