Waosan : Wulang Bebasan 9 : 1 – 18 | Pamuji : KPJ. 136
Nats: “Wedi asih marang Pangeran Yehuwah iku wiwitaning kawicaksanan, lan wanuh marang kang Mahasuci iku pangerten…” (ayat 10)
Punapa panjenengan gadahi raos ajrih? Umumipun manungsa gadahi raos arih. Ajrih karaosaken menawi ngadepi perkawis ingkang mbebayani. Contonipun panggih kaliyan sato kewan, kados ta, sawer, macan, segawon, lan kewan mbebayani sanesipun. Langkung-langkung sato kewan wau sampun wonten ingkang natoni, tamtu sangsaya ajrih malih. Lajeng punapa ingkang badhe dipun lampahi? Umumipun mlajeng lan pados papan ingkang aman. Tiyang ugi saged ngalami trauma menawi ngalami perkawis punika.
Menawi ing waosan kita dinten punika kasebataken “wedi asih marang Pangeran Yehuwah” punapa kita ugi badhe mlajeng lan ugi badhe pados papan panggenan ingkang aman? Punapa kita malah nebih saking Sang Pangeran Yehuwah? Tamtunipun mboten. Pangeran Yehuwah punika mboten mbebayani kangge manungsa. Menawi kita sami kaajak ajrih asih, punika ateges mujudaken raos hormat, setya lan ugi gesang miturut ing karsanipun Pangeran Yehuwah. Kejawi punika, kita kaajak sami nyelak dhumateng Panjenenganipun. Nyelak dhumateng Pangeran Yehuwah, ndadosaken kita wanuh dhumateng Panjenenganipun.
Ajrih asih dhumateng Pangeran Yehuwah dados perkawis ingkang wigatos tumrap gesang kita, awit dados wiwitaning kawicaksanan. Kita saged kagungan kawicaksanan menawi kita tansah nyelak lan mboten nebih saking Pangeran Yehuwah. Ing ngriku kita saged pikantuk pitedah-pitedah ingkang sae, inggih punika pangandikanipun, minangka dhasar anggen kita ngadepi lan ngrampungaken momotaning gesang kita. Sae punika tindhak tandhuk, mekaten ugi wicantenan kita. Sedaya sami katuntun dening Pangeran Yehuwah. Sumangga kita sami ajrih asih dhumateng Pangeran Yehuwah. Amin. (SWT).
“Rahayu Wong Kang Wedi Asih”