Waosan: Rum 7 : 1 – 6 | Pamuji: KPJ. 418
Nats: “Ananging saiki kita wus kauwalake saka ing angger-anggering Toret, awit kita wus padha mati tumrap kang maune ngunjara kita, satemah saiki kita leladi ana ing kaanan kang anyar, manut ing Roh….” (Ayat 6)
Ing negari Indonesia sampun cetha kaserat nalika kita nitih sepeda motor kedah ngagem helm, kagungan SIM, ngasta STNK, lan sanesipun. Mekaten ugi nalika kita wonten ing margi, kita kedah manut rambu-rambu lalu lintas. Nanging kasunyatanipun taksih kathah tiyang ingkang mboten ngagem helm lan nerak rambu-rambu lalu lintas. Punapa punika karana kathah sanget angger-angger berkendara? Punapa angger-angger berkendara ingkang kathah cacahipun punika awon? Mboten! Malah karana wonten angger-angger punika, kita mangertos pundi ingkang leres lan pundi ingkang awon nalika berkendara. Sadaya angger-angger berkendara punika dipun serat dening pamrintah supados kita sami wilujeng nalika berkendara.
Ing waosan dinten punika Rasul Paulus nyerat bilih angger-anggering Toret sejatosipun sae, karana lumantar angger-anggering Toret tiyang Yahudi saged mengertos warni-warnining dosa. Punika mboten ateges bilih angger-anggering Toret ingkang dosa. Awit angger-anggering Toret punika katetepaken dening Gusti Allah kagem nuntun gesangipun tiyang Yahudi supados nindakaken gesang ingkang sae. Nanging tiyang ingkang mangertos bab angger-anggering Toret punika malah asring nindakaken bab ingkang cengkah kaliyan angger-angger kalawau. Pramila Rasul Paulus ngengetaken para tiyang pitados ing kutha Rum, bilih gesangipun tiyang pitados punika sampun katebus dening Gusti Yesus Kristus (Ay. 4). Gesang ing Sang Kristus punika katuntun dening Sang Roh Suci, mboten namung manut dhateng angger-angger Toret kemawon, nanging kedah manut karsanipun Gusti Allah. (Ay. 6).
Sumangga kita sami ngraosaken bilih gesang kita punika kagunganipun Gusti. Kita kedah manut lan gesang miturut karsanipun Gusti. Gusti Yesus ngersakaken kita nindakaken angger-angger katresnan, inggih punika tresna dhumateng Gusti Allah dalah tresna dhateng sesami kita. Sampun ngantos kita nerak angger-angger punika, awit angger-angger punika dipun tetepaken dening Gusti kagem kawilujengan kita. Amin. [GW].
“Angger-anggeripun Gusti karancang kagem nuntun gesang kita.”