Kapiji dening Gusti Pancaran Air Hidup 23 Februari 2023

23 February 2023

Waosan: Roma 1 : 1 – 7 ǀ Pamuji: KPJ. 113
Nats:Kowe uga padha klebu ing antarane wong-wong mau, kowe kang wus padha katimbalan dadi kagungane Sang Kristus” (Ayat 6)

Kudengar Tuhan memanggil.
Kudengar Tuhan memanggil.
Kudengar Tuhan memanggil.
Angkat salib ikutlah Aku

Punika lirik lagu saking Kidung Ria 81 ingkang ngengetaken timbalanipun tiyang pitados wonten ing Sang Kristus. Sedaya manungsa ingkang katitahaken dening Gusti Allah, mesti nggadhahi maksud lan tujuanipun, inggih punika mangsuli timbalanipun Gusti wonten ing alam donya. Maneka warni wangsulan saking manungsa nalika Gusti Allah nimbali dados rowang damel ing alam donya punika, wonten ingkang semaya, ethok-ethok mboten mireng, ananging wonten ingkang sagah lan cumadang.

Timbalan ingkang kados mekaten kalawau inggih dipun raosaken dening Rasul Paulus. Piyambakipun kapiji dening Gusti Allah dados Rasul ingkang medaraken Injil Kristus. Mila ing waosan pambuka ayat 1, Paulus paring pitepangan ing pasamuwan Rum, bilih piyambakipun punika abdinipun Sang Kristus. Satemah tiyang Yahudi ing Rum saged nampi kawontenanipun sinaosa prekawis punika mboten gampil. Nalika Paulus medaraken Injil Kristus, Paulus nyekseni kados pundi timbalanipun Gusti punika wonten ing gesangipun. Pangajeng-ajengipun Paulus anggenipun medharaken Injil wonten ing satengahing tiyang Yahudi, supados tiyang Yahudi ing Rum punika saged nampi timbalanipun Gusti Allah, saged pitados dhumateng Gusti Yesus Kristus lumantar Injil suci.

Mangsuli timbalanipun Gusti Yesus punika, kita kedah purun manggul salib, kadosdene pepujen ing inggil kalawau. Saben kita ingkang purun manggul salib, bakal kaparingan kakiyatan, kados ingkang dipun raosaken Rasul Paulus. Ing wekdal Pra Paskah punika, Gusti Yesus ngengetaken dhateng kita sami, bilih pangurbananipun Gusti Yesus ing kajeng salib punika wujud solidaritas-Ipun kangge sedaya tiyang, mboten namung kangge tiyang Kristen kemawon, ananging ugi kangge sok sintena kemawon ingkang pitados dhumateng Panjenenganipun. Mangga kita ingkang sampun dados umat kagunganipun Gusti, sansaya mantep ing kapitadosan, kita setya manggul salib kita, sarta setya netepi timbalanipun Gusti. Amin. [dea].

“Mirengaken, mangsuli lan nindakaken timbalanipun Salib Kristus tansah binerkahan.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak