Waosan: Zakharia 11 : 1 – 17 | Pamuji: KPJ. 144
Nats: “Wong kang tuku padha nyembeleh, lan ora rumangsa luput, dene kang ngedol padha ngucap: Pinujia Pangeran Yehuwah! Aku wus dadi sugih! Dene para pangone dhewe ora padha welas.” (Ayat 5)
Wonten salah satunggaling bocah ingkang saben dinten kanthi sregep nyirami sekar kanthi temen lan tliti. Sekar ingkang dipun sirami punika sekar ingkang ‘istimewa’ – mboten saged alum lan ugi mboten saged tuwuh – awit sekar punika namung sekar plastik utawi imitasi. Ananging sanadyan sekar punika namung plastik, piyambakipun ngugemi bilih punapa ingkang dipun upadi badhe nuwuhaken babagan ingkang sae. Piyambakipun ningali kanthi raos bingah, langkung-langkung ugi dipun aturaken dhateng ibunipun, “Bu, coba panjenengan pirsani, iki bakal dadi sekar sing endah, awit wis daksirami saben dina.” Ibu kanthi mesem paring wangsulan, “Le, cah nggantheng, iki mung kembang plastik, disiram saben dina ora bakal thukul, ora disiram ya ora bakal alum.”
Cariyos punika dados gegambaran ingkang nyata sesambetan kaliyan bab budaya, mliginipun budaya karohanen. Budaya karohanen tanpa bab kayekten, kados dene “kembang plastik” – saking tebih kapirsanan endah lan mboten alum, ananging mboten tuwuh lan namung dados pajangan. Sadaya namung dados bab ingkang muspra awit dhasar kayekten sampun sirna. Zakharia 11:1-17 mujudaken gambaraning umat ingkang taksih ngabekti lan nguri-nguri budaya karohanen, nanging sampun kecalan babagan kayekten. Kanthi cetha kacariyosaken bilih umat kagungan pangon, nanging pangon punika namung ngupadi kapentingan dhirinipun pribadi. Umat taksih nguri-uri samubarang ingkang sesambetan kaliyan bab karohanen, nanging manahipun sampun mboten ngener kaliyan punapa ingkang dados karsanipun Gusti Allah. Gusti, lumantar Zakharia nedahaken bilih budaya ingkang mboten kadhasaran kayekten lan kasetyan, sadayanipun muspra tanpa guna.
Asring ing lampahing pigesangan, sadaya sami ngupadi babagan “budaya karohanen”, kados ta ndherek ngabekti, mahargya babagan ingkang adi ing pasamuwan, ngagem tandha ingkang paring gambaran bilih piyambakipun pandherekipun Gusti, nanging kesupen, “Punapa manah taksih setya lan ngugemi kayekten ingkang pinangkanipun saking Gusti?” Sesarengan mangga kita sami mirsani lan ngraosaken anggen kita mujudaken budaya karohanen ing sauruting lampah gesang kita, “Punapa saestu tuwuh lan mekar, punapa namung dados “kembang plastik”, endah mboten alum, nanging palsu?” Amin. [gus].
“Kayekten lan kasetyan kuwi nyawanipun budaya karohanen.”