Ngalami Lan Nyunaraken Kamulyan Pancaran Air Hidup 21 November 2024

21 November 2024

Waosan: Lelakone Para Rasul 7 : 54 – 8 : 1a | Pamuji: KPJ. 362
Nats: ”Sanyata, aku weruh langit piyak lan Putraning Manungsa jumeneng ing tengening Allah.” (Ayat 56)

Kathah tiyang ingkang kepingin ningali kamulyaning Allah. Kepara, kathah ugi ingkang sampun ngalami. Sawetawis ing antawisipun inggih mawi laku meditasi temah saged ngalami kamulyaning Allah ing telenging manahipun. Sawetawis ugi ngalami ing satengahing pangibadah ingkang kawangun ing pasamuwan. Sawetawis malih, ngalami kamulyaning Allah ing satengahing tumindak becik ingkang katandukaken dhateng sesami. Lan mbok bilih ugi maneka warni pangupaya ingkang katindakaken. Ing ancas lan wosipun, ningali lan ngalami kamulyaning Allah punika dados kabetahaning gesang sagung umat, anggen sami cecaketan kaliyan Gusti.

Stefanus ngalami kamulyaning Allah rikala mapag sedanipun lumantar paningal bab piyaking langit, saha Putraning Manungsa jumeneng ing tengenipun Allah. Nalika gesangipun, Stefanus sineksen minangka tiyang ingkang kapenuhan ing Roh Suci, kapenuhan ing rahmat, temahan pinaringan panguwasa nggelaraken mukjijat-mukjijat. Ateges, Stefanus ngalami kamulyaning Allah mboten namung nalika mapag sedanipun kemawon, ananging sauruting laku gesangipun tansah ngalami, kepara malah dados pratandha bab gumelaring kamulyan-Ipun Allah. Ewasemanten, Stefanus kaabenajengaken kaliyan pambengan lan mengsah, lajeng murugaken dhateng pangadilan, paukuman, lan sedanipun. Stefanus seda minangka martir, awit kasetyan saha pambangun-turut ingkang katindakaken kanthi ajeg lan jejeg, murih kamulyaning Allah tansah sumunar ing bumi punika.

Kita sami nampi patuladhan sae saking Stefanus. Kados pundia kahanan gesang kita, ajeg saha jejeging manah kedah dhasari tekad anggen kita ngupaya ngalami kamulyaning Allah. Meditasi, mangabekti, nandukaken kabecikan, inggih minangka perangan tumindak ingkang saged kita upaya kanthi ajeg-jejeg. Lumantar sarupining pangupaya kalawau, kita ugi saweg sumadya dipun agem dening Gusti supados kamulyan-Ipun tansah sumorot ing donya punika. Ing pangangkah, kita mboten saged ngupaya ngalami kamulyaning Allah sacara pribadi kemawon. Ananging kamulyan ingkang sampun kita alami punika kedah kasunaraken kanthi ajeg lan jejeg dhateng sakiwa-tengan kita. Sanadyan mboten awujud mukjijat ingkang ngedap-edapi, nanging ugi lumantar prakawis prasaja ingkang saged katindakaken miturut dayaning jiwa lan raga kita. Amin. [adx].

”Samukawis kabecikan nadyan prasaja, inggih dados pratandha bilih kamulyaning Gusti sumunar.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak