Aja Nglanggar Janji Pancaran Air Hidup 21 Maret 2022

21 March 2022

Waosan: Yeremia 11: 1 17 ǀ Pamuji: KPJ. 124 :1
Nats:
“Apa gawene kekasihingSun ana ing padalemaningSun, dheweke rak wus nindakake rancangan-rancangane kang ala ta?(Ayat 15)

Nalika kula taksih vikar, pendita pembimbing kula paring piwucal dhateng calon manten bab janji perkawinan ingkang kedah dipun gatosaken. Kula sarujuk kalian pemanggih punika, karana janji perkawinan punika mboten namung janji ingkang dipun ucapaken kemawon, nanging janji dhumateng Gusti Allah. Pramila langkung sae bilih janji punika dipun mangertosi lan dipun apalaken nalika ngucapaken janji punika. Janji punika kedah dipun lampahi sampun ngantos dipun blenjani.

Wonten ing gesang kita padintenan, tamtunipun kita nate janji dhumateng Gusti, kados nalika sidhi, dipun kepyakaken dados pinitua lan diaken, nazar/ kaul. Janji kita dhumateng Gusti punika, sanes janji biasa ananging janji ingkang betahaken komitmen. Kita mangertosi Gusti Allah punika Gusti ingkang Maha Tresna, katresnanipun dipun wujudaken lumantar janji-janjiNipun. Kados ing waosan dinten punika, sanajan bangsa Israel asring selak saking janjinipun dhumateng Gusti, Gusti Allah tetep setya ing janjiNipun. Gusti Allah tetep paring pitulungan lan pangluwaran dhateng bangsa Israel saking Mesir. Sanajan bangsa Israel mboten mirengaken Pangandikanipun Gusti lan tumindhak awon, Gusti Allah tetep nresnani umatipun. Sepinten bangsa Israel dawah ing dosa, lajeng purun ngakeni dosanipun lan mratobat dhumateng Gusti, Gusti Allah kersa nampi lan paring kawilujengan kangge umat-Ipun.

Ing minggu-minggu pra paskah punika, sumangga kita niti priksa manah kita piyambak-piyambak: “Punapa kita sampun saestu tresna dhumateng Gusti? Gusti Allah punika Gusti ingkang kebak sih katresnan, ananging sampun ngantos kita ndadosaken Panjenenganipun duka. Pramila sumangga kita sinau saking gesangipun bangsa Israel punika, kita purun mbangun tekad setya tuhu dhumateng Gusti. Kita pitados bilih Gusti Allah punika Gusti ingkang netepi janji-Nipun, Gusti ingkang tansah nresnani kita kanthi temen. Payo kita sami manut dhumateng karsa Gusti ingkang nindakaken kaadilanipun nalika kita nerak prasetyanipun, supados kita gesang eling lan waspada. Amin. [ASN].

 Gusti Allah tansah netepi ing janji, nanging manungsa asring ngirwakake janji.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak