Ugahari Pancaran Air Hidup 21 Februari 2024

21 February 2024

Waosan: Wulang Bebasan 30 : 1 – 9 | Pamuji: KPJ. 416 : 1, 2
Nats: “Kaculikan saha doracara mugi Paduka tebihaken saking kawula, punapa malih sampun Paduka ganjar kamlaratan utawi kasugihan, namung kaparingana rejeki ingkang dados panduman kawula.” (Ayat 8)

Miturut KBBI, tembung ugahari punika tegesipun prasaja (sederhana), mboten serakah. Tembung ugahari punika asring dipun ginakaken kangge gambaraken kawontenan gesangipun tiyang ingkang prasaja. Contonipun: rumaos bilih gesang punika ingkang penting sehat, cekap, lan prasaja. Sedinten saged nedha, saged pinanggih sanak sedherek lan brayat, saged nyambut damel kanthi wilujeng punika cekap. Semangat ugahari punika ugi ingkang dados seruan PGI dhateng sedaya umat Kristen Indonesia. Para umat dipun suwun gesang sak madya, mboten nuruti kepenginan, sarta nuladha Gusti Yesus ingkang nglampahi gesang ugahari punika.

Wulang Bebasan 30 punika dipun serat dening Agur bin Yake. Ing seratanipun Agur bin Yake ngrumaosi bilih piyambakipun punika tiyang ingkang bodho (Ay. 3-4). Pangaken punika negesaken bilih sejatinipun piyambakipun punika tiyang ingkang wicaksana, piyambakipun ngrumaosi bilih piyambakipun mboten mangertos punapa-punapa, awit ingkang kagungan pangertosan namung Gusti Allah. Lajeng piyambakipun ngakeni bilih Sabdanipun Gusti Allah punika murni. Sabdanipun Gusti punika ingkang dados tameng kangge para tiyang ingkang ngayom dhumateng Panjenenganipun (Ay. 5). Sacara maligi ing nats punika, Agur bin Yake ngakeni namung kaparingana rejeki ingkang dados pandumanipun punika sampun cekap. Piyambakipun pitados bilih Gusti Allah punika pirsa sedaya kabetahan gesangipun. Pramila nampi rejeki miturut pandumanipun punika cekap.

Sapunika kita lumebet ing minggu Pra Paskah, kita dipun ajak sami ngenget-enget lampah gesangipun Gusti Yesus ing donya. Saking Gusti Yesus kita saged sinau gesang kanthi semangat ugahari. Ing pandonga Rama Kawula, Gusti Yesus piyambak paring piwucal, “Kawula mugi kaparingan rejeki kawula sacekapipun ing dinten punika.” (Mat. 6:11). Pramila saking punika mangga kita isi gesang ing mangsa Pra Paskah punika kanthi gesang ing semangat ugahari, gesang ingkang prasaja, gesang ingkang kebak saos sokur lan panuwun dhumateng Gusti. Kita pitados bilih Gusti Allah tansah nrimati lan nyekapi sedaya kabetahan gesang kita. Amin. [AR].

“Gusti Allah tansah mberkahi lan nyekapi gesang kita, pitadosa!”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak