Sih Rahmat Ora Murahan Renungan Harian 21 Pebruari 2019

21 February 2019

Waosan : Rum 8 : 1 – 11 | Pamuji : KPK 135
Nats : “Kang iku saiki wis ora ana paukuman maneh tumrap wong kang padha ana ing Sang Kristus Yesus. ” [ayat 1]

Wonten tiyang sepuh dhawuh dhumateng putranipun ingkang taksih remaja bilih katresnanipun ageng sanget dhumateng keng putra. Menapa kemawon ingkang kedadosan, tiyang sepuh menika boten badhe ewah anggenipun nresnani keng putra. Ing satunggalling dinten, lare menika mundhut artha ing dompetipun keng ibun tanpa nyuwun palilah. Krana tumindak menika kalebet nyolong mila tiyang sepuhipun paring ukuman dhumateng lare menika. Piyambakipun boten dipunijini dolan lan boten diparingi arta jajan lawase 3 sasi. Lare menika sedhih sanget lan boten saged nampi paukuman menika. Piyambakipun gumun kenging menapa tiyang sepuhipun paring paukuman ingkang awrat sanget, kamangka sampun dhawuh bilih badhe tansah tresna dhumateng piyambakipun. Lare menika nggadhahi pamanggih, mesthinipun krana tresnanipun tiyang sepuh menika, piyambakipun boten badhe nampi paukuman menawi nindakaken perkawis menapa kemawon kalebet perkawis ingkang ala.

Tiyang pitados wonteng ingkang nggadhahi pamanggih kados lare kalawau magepokan kaliyan Gusti Allah. Miturut pamanggihipun, Gusti menika ambeg tresna dhumateng tiyang pitados. Gusti Yesus Kristus sampun paring janji katresnan lan sih rahmat gesang langgeng. Mila menapa kemawon tumindakipun tiyang kristen, kalebet tumindak ala badhe boten wonten akibatipun menapa-menapa. Tamtu pamanggih ingkang makaten, pamanggih ingkang nggampilaken lan lepat.

Salah satunggaling ahli teologi ageng parab Dietrich Bonhöffer paring katrangan bilih sih rahmat ingkang dipunparingaken Gusti dhumateng kita menika pancen gratis. Sanadyanta makaten, sih rahmat menika sanes sih rahmat ingkang mirah. Miturut Bonhöffer, sih rahmat ingkang dipunparingaken Gusti menika sih rahmat ingkang nuntut saranduning gesangipun manungsa. Mila tiyang pitados kedah njagi lan ngupadi gesangipun dados murid ingkang nyata sae, tatag, tanggon, lan kebak ing raos tanggel jawab supados mranani ing ngarsanipun Sang Guru. [dn]

“Kalau kasih karunia adalah jawaban Allah, yaitu pemberian kehidupan kristen maka kita tidak bisa sesaatpun berhenti mengikuti Kristus.”
(D. Bonhöffer)

Renungan Harian

Renungan Harian Anak