Sinau Urip Pancaran Air Hidup 21 April 2021

Waosan:  Wulang  Bebasan 9 : 1 – 6 | Pamuji :  KPJ. 198 : 1
Nats:
“… ninggala kabodhoan, supaya padha urip lan nuruta dalane pangreten.“ (Ayat 6)

Sawijining dina pak tani rumangsa muring amarga tegalane morat-marit. Timun sing pating grembandhul padha rusak. Pak Tani enggal golek cara murih ngerteni sapa sing ngrusak tegalane. Pak tani nggawe wong-wongan sawah kang dileleti pulut lan didegake ana ing tegalane. Ing wayah wengi kancil mara ing tegalan lan mangani timune pak tani. Weruh ana wong-wongan sawah, kancil ngece lan nggepuk ananging sikilie kena pulut. Mengkana uga sikil liyane nganti awake kraket ing wong-wongan sawah mau. Pungkasane kancil dikrangkeng ing omahe pak tani. Bareng asune pak tani weruh banjur takon, “Kenek apa nganti dikurung?”. Kancil mangsuli yen arep didadegke mantune pak tani. Merga asune pak tani kepengen uga dadi mantune pak tani, mula njaluk kancil ijolan panggonan. Weruh kancil ucul lan asune pak tani ana kandhang, pak tani muring-muring lan nggepuki asune nganti melung-melung.

Waosan dinten menika ngetingalaken bilih ing satengah kawicaksanan kathah kasaenan ingkang kita tampi. Gegambaran kawicaksanan ngedekaken griyanipun kanthi elok. Sedaya dhedhaharan lan unjukan eca cumepak. Dene sedaya tiyang mliginipun tiyang ingkang dereng pengalaman kasuwun puruna lereh saha ngraosaken pasugadan tetedhan lan omben ingkang ndadosaken wicaksana.

Undangan menika ngemu teges bilih sedaya tiyang kaundhang lan sedaya saged dados wicaksana. Mboten sisah ngrantos dados tiyang sepuh utawi ngantos yuswa sepuh. Kita ingkang anem menika ugi saged dados wicaksana. Malah sejatosipun kathah tiyang sepuh ingkang taksih kados lare, ananging  mboten sekedhik lare ingkang malah ketingal temuwa.

Gusti Allah maringi kawicaksanan dhateng kita kanthi margi sinau lampah gesang. Sedaya prastawa gesang kita ngemu piwucal ingkang luhur. Kados dene carita kancil ing inggil. Pancen kadosipun ngakali, ananging kancil sinau saking gesangipun lan enggal mangertos Menapa ingkang kedah katindakaken murih saged uwal saking bebaya. Mekaten ugi kaliyan kita. Mugi prastawa gesang kita, ingkang mbingahaken, ingkang nguciwaaken, saestu saged nuntun kita dados manungsa ingkang langkung wicaksana. Dados pribadi ingkang langkung sae, langkung ngati-ati lan langkung andhap asor. (PKS)

“Wong kang luhur iku kang wicaksana uripe”

 

Bagikan Entri Ini:

  •  
  •  
  •  
  •  
  •  
  •  
  •