Aja Adigang, Adigung, Adiguna! Pancaran Air Hidup 21 Agustus 2026

21 August 2026

Waosan: Yehezkiel 31 : 15 – 18  |  Pamuji: KPJ. 369
Nats: “Para bangsa kang krungu gumebruging ambruke, padha Sundamel gumeter, yaiku ing nalikane Ingsun nglebokake dheweke menyang ing jagading wong mati, lan banjur nunggal kalawan kabeh kang wus padha tumurun ing luwangan kuburan. (Ayat 16a)

Bilih kita tindak dhateng candi Prambanan lan Borobudur, kita saged ningali ing taun semanten para leluhur kita sampun saged mbangun bangunan ingkang ageng lan kukuh. Mboten namung mbangun bangunan ingkang kukuh kemawon, para leluhur kita ugi mbangun kraton-kraton ingkang wilayahipun wiyar ngantos ing negri manca, contonipun Majapahit. Ananging ing zaman samangke, kita minangka bangsa Indonesia ngraosaken kejayaan para leluhur punika kados-kados sampun ical. Punika negesaken bilih sak jaya-jayanipun manungsa, kuwaosipun winates lan saged sirna.

Waosan kita saking kitab Yehezkiel nyariosaken bab kuwaosipun Sang Yehuwah ingkang ngungkuli keratoning manungsa. Keraton kados Asyur lan Mesir miturut pemanggih sacara kamanungsan, punika nggadhahi kuwaos ageng. Kagungan kakiyatan militer, ekonomi, lan ilmu ingkang maju. Mekaten ugi umat kagunganipun Gusti, bangsa Yahuda punika rumaos umat ingkang dipun piji dening Gusti. Bab punika ndadosaken bangsa Yahuda gumunggung lajeng nilaraken Gusti. Bangsa Yehuda langkung ngandelaken kakiyatanipun piyambak. Ing waosan punika nabi Yehezkiel ngengetaken bangsa Yehuda bilih keraton kados Mesir, Asyur ingkang sampun karaos ageng saged sirna karana kuwaosipun Gusti Allah. Ing ngriki, bangsa Yehuda dipun ajak supados andap asor ing manah, mboten gumunggung nanging tetap pitados lan nindakaken karsanipun Gusti. Kanthi mekaten, bangsa Yehuda mboten nampi paukuman saking Gusti.

Mekaten ugi kangge kita wanci punika, kita saged kagoda mbombong dhiri kita. Kita rumaos sadaya saged kita lampahi. Banda kasugihan, ilmu kapinteran, lan drajat pangkat saged kita gayuh karana kasagedan lan kakiyatan kita piyambak, sanes karana berkah saking Gusti. Sadaya punika saged ndadoskaen kita gumunggung, ngremehaken tiyang sanes, lan mboten mawas dhiri. Swawi kita sami sadar bilih bab punika saged ndadosaken karisakan ing gesang kita. Kados berita wonten media sosial, televisi, karana gumunggung ndadosaken tiyang punika dipun penjara, dipun sengiti tiyang sanes, lsp. Mila kita kedah enget unen-unen Jawi “Aja adigang, adigung, adiguna!” Mangga kita sami mawas dhiri awit sadaya punika pinangkanipun namung saking Gusti Allah. Amin. [BWP].

“Tiyang ingkang ngandelaken kakiyatan dhiri, namung ngundhuh bilai.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak