Sumarah Ing Allah Renungan Harian 20 Agustus 2018

20 August 2018

Waosan : Purwaning Dumadi 43:1-15 | Pamuji: KPJ 185:1-3
Nats: “Gusti Allah Kang Mahakuwaos  muga karsaa ngosikake panggalihe panggedhe mau satemah kowe padha oleh kawelasan, supaya nglilalana sadulurmu sijine karo Benyamin padha mulih bareng salakumu. Dene mungguh aku iki, menawa meksa kudu kelangan anakku, iya wis kareben kelangan.” (PD 43:14)

Tumraping pawestri, rikma punika  mahkota tumraping mustaka ingkang tansah dipun rimat.  Wonten satunggaling ibu ingkang kagungan rikma ingkang sae. Ananging  satunggaling dinten rikmanipun sami rontok, ketingal ing bantal. Piyambakipun mboten lajeng nggresula lan semplah, ananging kanthi ngucap sokur dhateng Gusti piyambakipun wicanten,“Untung rambutku isih telu, isa tak kepang.” Enjang candhakipun ibu menika  nemahi rikmanipun rontok. Piyambakipun lajeng pados kaca pangilon lan pirsa bilih rikmanipun kantun kalih ler. Ibu punika ngucap malih, “ Isih beja rambutku isih ana loro, isa tak kuncir ngiwa-nengen.” Dinten candhakipun, sepisan malih nemahi rikmanipun rontok.  Piyambakipun pados kaca pangilon lajeng matur, “Beja rambutku isih ana siji, isa tak kuncir jaran”. Enjing candhakipun rambutipun rontok malih. Ibu punika pados kaca pangilon lajeng matur, “Puji Gusti, rambutku entek. Ora perlu tuku shampo maneh.”

Sikep pasrah dhumateng Gusti nuwuhaken raos sokur ing sadengah kawontenan. Kados dene ibu wonten ing carios ngajeng. Sanadyan nemahi prastawa ingkang mboten ngremenaken ananging dipun adhepi kanthi sumarah. Pangandikanipun Gusti wonten ing Purwaning Dumadi 43:1-15 nyariosaken kedadosan nalika Israel ngalami pailan ingkang ngedab-edabi. Yakub dhawuh dhumateng Yehuda putranipun supados bidhal dhateng Mesir saperlu tumbas gandum. Ananging Yehuda mboten purun bidhal dhateng Mesir kejawi kaparengaken ngajak Benyamin, rayinipun, awit Yusuf sampun dhawuh bilh Yehuda saged mlebet dhateng Mesir menawi mbekta Benyamin. (43:3). Kala semanten Yakub lan para putranipun dereng mangertos bilih pangarsa Mesir punika Yusuf, putranipun Yakub ingkang ical. Saged kemawon sedaya putranipun Yakub malah tinumpes wonten ing Mesir. Yakub lajeng masrahaken samudayanipun dhateng astanipun Gusti. Kanthi sumarah, Yakub pasrah tumraping kedadosan gesangipun (43:14). Mugi kita sinau saking Yakub ingkang masrahaken sedaya gesangipun wonten ngarsanipun Gusti. (ANS)

“Sumarah ndhatengaken raos bingah”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak