Waosan : Pangentasan 23 : 1 – 9 | Pamuji : KPJ. 370 : 1, 2
Nats: “marga sira wus padha ngalami dadi wong neneka ana ing tanah Mesir.(Ayat 12)
Satunggaling wiranem Jakarta nyambut damel wonten perkebunan lombok Pasirian-Lumajang sampun wetawis kalih tahun. Sesampunipun liburan Paskah ing Jakarta, piyambake dalu saking Juanda badhe wangsul dhateng Pasirian nitih sepeda motor. Sarehne radi sayah, piyambake anggone ngendaleni sepeda motor kirang awas lajeng dawah ing lepen Lemah Kembar Probolinggo. Enjingipun dipun bekta ing griya sakit saperlu operasi awit wonten pendarahan dada. Sadherekipun ingkang tebih lajeng nyuwun tulung dhateng rencang estri ingkang wonten celakipun griya sakit supados enggal ngurusi perkawis administrasi supados saged enggal ditindakaken operasi. Nalika ditangleti pihak rumah sakit ing IGD tiyang menika “napanipun”, priyantun estri menika lajeng matur bilih piyambakipun menika nggadhah sadherek ipar, lan sadherek ipar menika nggadha sadherek estri lan sadherek menika nggadha kanca, lha menika tepang kaliyan brayatipun. Puji Gusti taksih wonten tiyang sae ingkang welas sianosna sesambetanipun kaliyan ingkang ngalami kecelakaan menika tebih sanget.
Siangipun ugi wonten sadherek patunggilan Pasirian ingkang nuweni sekedhap, rupinipin wiranem menika ugi ndherek pakempalan Kristen GKJW wonten papan pandamelanipun. Mboten let dangu saking Surabaya wonten Warga GKI Pregolan ugi nuweni. Kaleresan ing griya sakit menika wonten sawetawis warga GKJW ngasta ing ngriku dadosipun saged ngrencangi kelancaran proses administrasi lan perawatan ngantos tiyang sepuhipun saking Jakarta dumugi nenggani putra menika. Perkawis kados mekaten dipun syukuri brayat awit sinaosna ngalami kaprihatosan, sanyoto tetap diagengaken manahipun dening Gusti sabab “nemu dulur” enggal ingkang tetulung klayan katresnan tulus. Gesangipun para tiyang pitados menika katitik saking anggone nresnani marang sapepadha kanthi tulus lan tumindhak adil tanpa mawang tiyang. (PAY)
“Kanthi mangkono saben wong bakal padha weruh, yen kowe padha dadi siswaKu, yaiku manawa kowe padha tresna-tinresnan.” (Yoh 13:35)