Waosan: Dhaniel 3 : 1 – 18 | Pamuji: KPJ. 452
Nats: “Bokbilih Allah kawula, ingkang sami kawula pepuja sagah ngluwari kawula sadaya, kawula inggih sami badhe kaluwaran dening Panjenenganipun saking pawon murub punika, saha saking asta dalem, dhuh Sang Prabu.” (Ayat 17)
Yakin punika bab ingkang wigati kangge gesanging manungsa. Sadaya ingkang dipun lampahi mawi raos yakin badhe nuwuhaken asil ingkang sae. Kosok wangsulipun menawi kita nglampahi bab ingkang kita piyambak mboten yakin, asring punika ndadosaken kita ngalami pacoben. Sanadyan raos yakin ingkang kita nggadhahi punika wigati, nanging kita mboten angsal meksa tiyang sanes supados nggadahi raos yakin ingkang sami kaliyan kita. Sadaya manungsa punika nggadhahi pemanggihipun piyambak-piyambak bab punapa ingkang dipun yakini. Pramila sanadyan kita ngugemi bab ingkang kita yakini sae, nanging kita ugi kedah sadar bilih tiyang sanes nggadhahi raos yakin ingkang benten kaliyan kita.
Waosan kita dinten punika nyariosaken bab punapa ingkang dipun yakini dening manungsa. Dhaniel 3:1-18 nyariosaken bangsa Israel ingkang dados tiyang buwangan ing Babel, ingkang kapimpin dening Nebukadnezar. Ing kahanan punika, wonten bab ingkang sae, inggih punika nalika Sadrakh, Mesakh, lan Abednego kaparingan jabatan ing pamrintahan Babel. Sanadyan Sadrakh, Mesakh, lan Abednego nggadhahi jabatan ing Babel, iman ketiganipun tetep teguh dhumateng Gusti Allah. Lajeng kacariosaken Nebukadnezar mangun reca lan nitahaken sadaya tiyang kedah nyembah reca punika. Sinten kemawon ingkang mboten nyembah reca punika badhe kacemplungaken dhateng pawon ingkang murub. Ing ngriki, Sadrakh, Mesakh, lan Abednego mboten purun sujud nyembah reca punika. Prekawis punika ndadosaken katiganipun kacemplungaken dhateng pawon murub. Ing ngriki katiganipun mboten ajrih karana pitados bilih Gusti Allah tansah mitulungi.
Ing jaman rumiyen para raja asring meksa iman kapitadosanipun dhateng rakyatipun. Nanging ing jaman samangke, mboten saged tiyang nggadhahi sikep kados Nebukadnezar. Mangga kita nuladhani punapa ingkang dipun lampahi dening Sadrakh, Mesakh, lan Abednego. Kita nggadhahi iman kapitadosan ingkang teguh dhumateng Gusti Allah lan yakin Gusti Allah tansah mitulungi gesang kita. Gusti mberkahi kita. Amin. [Kuh.C].
“Iman ingkang teguh nuntun lampah gesanging manungsa.”