Tanda Urmat Renungan Harian 19 Oktober 2020

19 October 2020

Waosan : Pangentasan 40 : 34 – 38 | Pamuji : KPJ. 20 : 1
Nats:
“… nanging menawa mega iku ora mumbul, iya padha ora budhal nganti samumbule megane.” (Ay. 37).

Kita sedaya tamtu taksih enget piwucal unggah-ungguh ingkang dipun wucalaken dening tiyang sepuh. Salah satunggaling piwucal punika bab ngurmati tiyang sepuh nalika saweg sami nedha sesarengan : “Bapak lan ibu mundhut dhisik, lagi bocah-bocah”. Punika prekawis ingkang sae. Para lare sami sinau bab kesabaran lan kesantunan. Dados menawi bapak lan ibu dereng mundhut, para lare boten wantun mendet. Kadosipun bab punika sampun radi asing kangge para lare ing jaman samangke. Kathah-kathahipun, para lare langsung kemawon nedha menawi sampun cemepak sekul sak lawuhipun. Malah-malah wonten sawatawis lare ingkang alok : “Aku lho wis kesel sekolah, mosok mangan ae sik ndadak antri, bapak ibu iki lho gak ngesakna anake.” Menawi sampun mekaten, bapak lan ibu namung geleng-geleng kemawon, malah-malah boten uman, awit sedaya dipun telasaken.

Bangsa Israel taksih ngugemi unggah-ungguh, mliginipun sesambetan antawisipun bangsa Israel lan Gusti Allah. Sarampungipun Nabi Musa lan bangsa Israel ngadegaken Kemah Suci, kamulyanipun Gusti Allah nglimputi ing Tarub Pasewakan lumantar mega. Malah-malah Nabi Musa boten saged lumebet ing Tarub Suci kalawau awit kaling-kalingan mega. Kamulyanipun Gusti Allah karaosaken dening bangsa Israel satemah bangsa Israel ajrih asih lan geter wonten ing ngarsanipun Gusti Allah. Sikap ajrih asih lan geter punika kawujudaken kanthi sikap kasetyan, kados ingkang kacariyosaken ing ayat 27 : “… nanging menawa mega iku ora mumbul, iya padha ora budhal nganti samumbule megane”. Bangsa Israel kanthi setya nengga mumbulipun mega kalawau. Menawi sampun mumbul, bangsa Israel ugi tumut mlampah nglajengaken lelampahanipun. Sadaya kalawau wujuding urmatipun bangsa Israel dhumateng Gusti Allah, awit Gusti Allah ingkang sampun ngamping-ampingi lelampahan gesangipun bangsa Israel.

Kados pundi kita? Punapa sampun mujudaken urmat dhumateng Gusti Allah? Mangga ing salebetipun momotan gesang kita, kita ngaturi Gusti Allah supados makarya rumiyin lan nedahaken karsanipun wonten ing salebeting gesang kita. Sampun ngantos kita ingkang ngrumiyini karsanipun Gusti Allah, awit kita boten saged nduga punapa ingkang dados karsanipun Gusti Allah. (dix).

 “Ajrih asih kita punika minangka tanda urmat kita dhumateng Gusti Allah”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak