Aja Cilik Ati! Pancaran Air Hidup 19 November 2023

19 November 2023

Waosan: Mateus 25 : 14 – 30 | Pamuji: KPJ. 159
Nats: “… kang siji diwenehi limang talenta, sijine rong talenta, lan sijine maneh satalenta, undha-usuk kabisane …” (Ayat 15)

Film Door to Door nyariyosaken bab Bill Porter ingkang ngalami cacat tulang belakang ugi cerebral palsy (kelumpuhan otak), satemah badanipun boten saged ngadek sacara normal saha njalari gangguan syaraf. Ananging karingkihanipun boten ndadosaken piyambakipun semplah. Bill Porter nampi kawontenanipun sawetah lan ngupados murih saged mandhiri. Maneka warni tantangan dipun adhepi. Awit saking anggenipun wantun nanggel resiko saha tekun ing pangupadosipun, Bill Porter nampi penghargaan minangka salesman ingkang paling sae ing perusahaan Watskins Incorporated taun 1989.

Nalika aben-ajeng kaliyan karingkihan utawi winatesing dhiri lan kahananipun, manungsa asring nggadhahi alasan kangge nyerah lan boten nglajengaken lampahipun. Kadosdene pasemon bab talenta. Tindakipun sang tuwan ing negari manca nedahaken dangunipun anggenipun badhe tindak. Pramila panjenenganipun masrahaken barang darbekipun dhateng para baturipun. Batur ingkang nampi gangsal lan kalih talenta ngupados kanthi tumemen, temahan talenta kalawau ngasilaken bathi. Ananging ingkang nampi satunggal, boten ngginakaken kesempatan punika kanthi sae. Awit raos kesed saha ajrihipun dhateng sang tuwan, talenta punika kapendhem supados boten ical lajeng dipun dukani. Pungkasanipun, piyambakipun ketaman bebendu awit boten ngginakaken kesempatan kagem mujudaken karsanipun sang tuwan.

Asring tiyang pitados nampik timbalanipun Gusti awit rumaos minder utawi iren nalika ningali talentanipun liyan. Wonten ingkang boten purun lelados awit rumaos talentanipun prasaja katimbang sanesipun. Ingkang kagungan talenta kathah, gumunggung awit saking kasagedanipun. Kamangka Gusti nimbali para abdinipun namung awit saking katresnanipun. Gusti maringi talenta dhateng saben tiyang miturut kasanggemanipun. Bill Porter saha pasemon talenta punika ngengetaken bilih ingkang langkung penting sanes sepinten agengipun talenta, ananging kasetyan tuwin pambangun-turuting kita anggenipun ngginakaken kesempatan saha talenta punika. Kita ngakeni bilih talenta punika saking Gusti, pramila sampun samesthinipun kita pisungsungaken kanthi andhap asor saha tulusing manah kagem kamulyaning Gusti Allah, sanes gumunggunging dhiri. Talenta ingkang alit lan prasaja, bilih kaginakaken kanthi sae lan dipun berkahi dening Gusti, mesthi saged dados sarana kebabaring pakaryanipun Gusti. Amin. [wdp].

 “Sampun rumaos cilik ati bilih talenta kita alit lan prasaja. Ditansah setya tuhu awit pakaryanipun Allah boten gumantung dhateng kasagedanipun manungsa.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak