Pakaryan Agung Pancaran Air Hidup 19 Juni 2021

19 June 2021

Waosan: Ayub 37 : 1 – 13 | Pamuji: KPJ. 326
Nats:
“Gusti Allah ngedalake swara gumleger kang ngebat-ebati. Panjenengane nindakake pakaryan agung kang ora kena ginayuh ing kawruh kita.” (Ayat 5)

Tamtunipun kita sedaya gadhah foto kulawarga. Foto kalawau saged kita pasang wonten ing griya, papan nyambut damel, dompet lsp. Bilih manah kita sumpek, bosan, nglokro kita saged mirsani foto-foto kalawau, temahan kita saged pikantuk panglipuran, kekiyatan lan semangat karana kita nyawang pasuryanipun tiyang-tiyang ingkang kita tresnani saha nresnani kita.

Ing wiwitan nampi pacoban, kapitadosanipun Ayub menika saestu madhep mantep wonten ngarsanipun Gusti Allah. Temahan piyambakipun taksih saged ngemutaken semahipun ingkang nyuwun supados piyambakipun nyupaosi Gusti Allah. Ananging ing dinten sakcandhakipun Ayub kecalan pengajeng-ajeng lan sesambat. Ing salebeting kawontenan kados mekaten para saduluripun Ayub sami rawuh maringi maneka warni pitutur lan pemanggih. Elifas, Bildad lan Zofar gadhah pemanggih Ayub nampi pacoban karana tumindhakipun ala lan piyambakipun kedhah ndandosi gesangipun. Benten kaliyan katiga sadulur ing ngajeng, Elihu sadherekipun Ayub ingkang paling enem ngemutaken Ayub bilih Gusti Allah menika Mahakawasa lan Mahamulya. Manungsa saged ngraosaken panguwaos lan kamulyanipun Gusti Allah lantaran samukawis ingkang kedadosan wonten ing jagad raya (ayat 1-13). Gusti Allah tansah nindhakaken pakaryan agung ingkang mboten saged ginayuh dening pemanggih utawi pikiranipun manungsa (ayat 5). Tumrap Elihu, mokal bilih Gusti Allah ingkang Mahakawasa lan Mahamulya menika tumindhak lepat lan sewenang-wenang paring paukuman dhumateng umatipun.

 Kapitadosanipun Ayub lan pituturipun Elihu menika tansah ngemutaken dhateng kita sadaya supados ing salebeting gesang, kita sageda mirsani lan ngraosaken kamulyan saha panguwaosipun Gusti Allah. Sae menika lantaran samukawis ingkang kedadosan wonten ing jagad raya, lantaran maos kitab suci lsp. Mligi ing wulan kulawarga menika, kita ugi saged ngraosaken kamulyanipun Gusti Allah lantaran gesanging bebrayatan ingkang sampun kita lampahi ngantos wekdal menika. Sadaya prastawa ingkang sampun kita lampahi ing salebeting brayat menika ugi dados sarana Gusti Allah nedhahaken kamulyan lan panguwaosipun tumrap kita. Gusti Allah tansah ngreksa, ngrimati lan mberkahi brayat kita. Amin. (Gimbul)

 “Finding God in all things” (St. Ignatius Loyola)

Renungan Harian

Renungan Harian Anak