Sabotase Pancaran Air Hidup 19 Juli 2026

19 July 2026

Waosan: Mateus 13 : 24 – 30, 36 – 43  |  Pamuji: KPJ. 115
Nats: ‘’Nanging nalika wong-wong padha turu kabeh, satrune teka nyebar wiji alang-alang ing tengahe gandum banjur lunga.’’ (Ayat 25)

Menawi kita remen dhateng cariyos bab politik lan operasi intelejen, tamtu kita mangertos ukara “sabotase.” Ukara sabotase punika tegesipun tumindak ngrisak ingkang dipun lampahi sacara sengaja, karancang sacara sesidheman kangge ngawonaken mengsah. Sabotase punika saged kita panggihi kados ing babagan militer, politik, teknologi, ugi psikologi. Tujuanipun supados pihak mengsah nggadahi posisi ingkang lemah satemah gampil dipun kawonaken. Menawi mboten dipun sabotase tamtu pihak mengsah langkung kiyat satemah mboten saged dipun serang. Ningali tumindak ingkang makaten, kita tamtu sarujuk menawi sabotase punika lampah julig lan licik krana dipun lampahi sacara sesidheman.

Waosan kita ing dinten punika nyariyosaken bab pasemonipun Gusti Yesus magepokan kaliyan tuwuhipun alang-alang ing satengahipun gandum. Swaunipun taneman karancang sae namung gandum kemawon, ananging krana wonten sabotase ing satengahing lampah, ndadosaken pategilan punika kaancam badhe risak lan gagal panen. Nemahi kahanan kados mekaten, kita saged ningali bentenipun sikep antawis bendara lan baturipun. Batur ingkang nggarap pategilan punika sami nggadahi pamanggih supados alang-alang punika enggal-enggal dipun bedholi, dene bendaranipun milih nengga ngantos wancinipun panen, nembe saged dipun pisah antawisipun alang-alang kaliyan gandum. (Ay. 30).

Pranyata pilihan Sang Bendara punika langkung wicaksana krana mboten ndadosaken gandumipun risak sanadyan sampun kenging sabotase. Makaten ugi wonten ing salabeting gesang padintenan kita tamtu nate ngraosaken sabotase saking pihak-pihak tartamtu ingkang mboten remen kaliyan kita. Sadaya punika angkahipun supados kita risak. Menawi pilihan lampah gesang kita lepat, tamtu babdhe ndadosaken karisakan punika sansaya nemen. Ing ngriki kita kedah sabar lan ningali kahanan sacara lerem, masalah punika sekedhik mbaka sekedhik kita udari. Kita nyuwun kawicaksanan saking Gusti Allah supados saged namtokaken pilihan ingkang pas, miturut karsanipun Gusti, satemah kita saged ngrampungaken masalah kita punika. Sumangga kita tansah pitados lan sumendhe dhumateng Gusti awit namung Panjenenganipun ingkang tansah nganthi lan nulungi kita. Amin. [ADS].

“Sumendhe dhumateng Gusti dados sumbering kakiyatan lan kawicaksanan.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak