Waosan: Yeremia 50 : 1 – 7 | Pamuji: KPJ. 175
Nats: “Babil wus bedhah, Bathara Bel nandhang wiring, Bathara Merodakh wus nandhang giris. Brahalane padha wirang, para dewane kang nistha padha katempuh ing pagiris.” (Ayat 2).
Leo Tolstoy satunggaling juru serat ageng saking Rusia nate nyerat carita ingkang mekaten: Ing satunggaling dinten, wonten Panggedhe ingkang dugeni tukang sepatu, “Opo sira tau weruh kulit sepatu kang kaya ngene? Kulit sepatu iki larang regane! Ing Rusia ora ana kang ngalahno apike. Aku gawekno sepatu bot sing kuwat. Yen setahun jithetane wus rusak, kowe bakal kena susah.” Simon ingkang dados tukang sepatu ngutus Mikael, muridipun kangge nggarap sepatu punika. Saksampunipun sawatara wekdal, Simon mirsani pandamelanipun Mikael. Ing ngriku Simon kaget sanget amargi ingkang dipun gunting sanes model sepatu bot, ananging sepatu jenazah. Dumadakan wonten tamu, rupinipun abdinipun Panggedhe ingkang pesen sepatu bot kalawau, munjuk sanjang bilih bendaranipun sampun tilar donya lan kulit ingkang ing wiwitanipun dipun pesen dados sepatu bot lajeng kaewah dados sepatu jenazah. Mikael punika sejatosipun malaikat ingkang kangungan kawajiban. Mikael mrangguli nalika Panggedhe kalawau rumaos pongah lan gumunggung satemah ngandalaken kakiyatanipun piyambak.
Waosan kita ing dinten punika nyariosaken bab Pangandikanipun Sang Yehuwah ingkang nedahaken bilih Babel kaukum, tumpes, sampun boten gadhah kakiyatan sarta kwasa malih (ayat 2-3). Mangka satemenipun, Babel nate dados pirantinipun Gusti Allah kangge ngukum Bangsa Israel lan Yehuda. Ateges Bangsa Babel punika bangsa ingkang kiyat, ingkang prakasa. Nanging, kita saged mangertos bilih ing donya punika boten wonten ingkang langgeng kajawi Gusti Allah kemawon.
Para sederek ingkang kinasih, ing saktengahing gesang kita nampi tanggel jawab peparing Gusti. Tanggel jawab punika wonten ingkang arupi kasugihan, pangwasa, pangkat, lan sanes-sanesipun. Ingkang prelu kita ugemi, sedaya punika kedahipun dados lantaran kamulyanipun Gusti Yesus ingkang masrakaken tanggel jawab punika dhumateng kita. Sampun ngantos kita ngandelaken kakiyatan, jabatan, lan pangkat kita, nanging mangga kita ngandelaken Gusti lan sedaya pakaryan ingkang kita tindakaken namung kagem kaluhuran asmanipun Gusti Allah kemawon. (ardien).
“Manungsa gadhah wisa (bisa), Gusti kagungan kwasa”