Waosan : Efesus 3 : 14 – 21 │ Pamuji : KPJ 35
Nats: “Temahan marga saka pracayamu, Sang Kristus dedalem ana ing atimu sarta kowe padha ngoyoda lan atetalesa ana ing katresnan” (Ayat 17)
Kita mangertos sinten Bunda Teresa lan kados pundi peladosanipun. Sadaya saged pitados bilih Bunda Teresa menika tokoh humanis. Bunda Teresa lelados wonten ing masyarakat Hindu miskin ing kutha Kalkuta lumantar Misionaris Cinta Kasih. Mangga sami niti pirsa seratan Bunda Teresa, ingkang kadosmekaten:
- Bilih kita tumindak becik ing batos, bokmanawi tiyang sanes saged mastani kita pados pamrih, ananging tetep manteb lakonono kabecikan
- Bilih kita temen, bokmanawi kita saged kapusan kaliyan tiyang sanes, ananging tetep manteb tumindak katemenan
- Kabecikan ingkang kita tindakaken ing dinten punika, bokmanawi benjing kabecikan ingkang sampun kita tindakaken dilirwakaken dene tiyang sanes, kita tetep tumindak becik dateng sesami
- Ing pungkasan, sadaya prakawis kala wau, sanes prakawis manungsa kaliyan manungsa, ananging prakawis kita (manungsa) kaliyan Gusti
Seratan Bunda Teresa punika sami kaliyan ingkang dipun serat dene Rasul Paulus ing serat Efesus, “Kristus dedalem ana ing atimu”. Rasul Paulus maringi wejangan kagem pasamuan Efesus supados atetales ing Gusti Yesus. Sadaya kapitadosan, talenta, peladosan, lan katresnan, dipun lampahi karana Gusti Yesus, lan kagem kamulyanipun Gusti Yesus Kristus.
Bilih kita lampahi samubarang kanthi atetales ing Gusti Yesus, pasti kita mboten ajrih kaliyan peribahasa, “air susu dibalas dengan air tuba”, lan “diwenehi ati ngrogoh rempolo”. Karana katresnan kita dipun landesi kaliyan atetales ing Gusti Yesus, sanes sistem balas jasa. Mekaten ugi Gusti Yesus ingkang sampun nglampahi panebusan lumantar pangorbanan ing kajeng salib, katresnan Gusti Yesus sanes katresnan sistem balas jasa karana kita mboten saged nglampahi punapa ingkang dipun lampahi Gusti. (MWB)
“Ojo podo wedi lakono katresnan, katemenan, lan kabecikan ing Gusti Yesus”