Mama Putih Renungan Harian 19 Desember 2019

19 December 2019

Waosan : Galatia 3 : 23 – 29 |  Pamuji : KPJ. 343
Nats:
“Awit kowe kabeh, kang padha kabaptis ana ing Sang Kristus, wus padha ngrasuk marang Sang Kristus.”(Ay. 27)

Maria Gisela Borowka, inggih punika satunggaling suster saking Jerman, ingkang ngabdi tumrap tiyang-tiyang ingkang nandhang budhugen/kusta ing Indonesia, khususipun ing tlatah Lembata, Flores Timur. Piyambakipun sinebut Mama Putih, karana kulitipun ingkang putih. Gisela Borowka saged dumugi Lembata karana dipun suwuni bantuan tumrap Isabella Diaz Gonzales, inggih punika kancanipun nalika taksih sekolah perawat ing Jerman. Saklajengipun, Mama Gisela tumut tumandang damel ngrimati tiyang ingkang sakit budhugen murih tiyang-tiyang punika saged ngraosaken gesang kados limrahipun. Punika ugi ingkang dados dhasar anggenipun Mama Gisela nyuwatenaken dhateng tiyang kathah.

Aturipun Mama Gisela: “Penyakit kusta bisa disembuhkan. Biarlah mereka hidup bersama kita. Karena mereka juga citra Allah. Tuhan sayang kita semua. Jangan lukai hati mereka. Mereka telah terluka. Orang-orang kusta tidak hanya sakit fisik, tapi juga sakit hati.” Punika ingkang dipun suwantenaken Mama Gisela kangge nyadaraken masyarakat supados mboten nyingkiraken tiyang ingkang nandhang sakit budhugenm punika. Temahan, tiyang-tiyang punika saged katampi kaliyan masyarakat lan brayatipun kanthi sae.

Migatosaken cariyos punika kita kaengetaken supados kita ugi saged nelakaken gesang ingkang ngrasuk marang Sang Kristus. Awit kita sadaya sampun kabaptis wonten dalem Sang Kristus. Kita ugi sampun kanugrahan kawilujengan. Mila, kawilujengan ingkang sampun kita tampi punika sageda mboten namung kita raosaken kemawon. Ananging saged kita wujudaken ing gesang kita, minangka umat kagunganipun.

Mesthinipun, kita saged ningali jagad punika kados dene Gusti Yesus mirsani. Temahan, punapa kemawon ingkang kita tindakaken saged dhatengaken berkah tumrap sesami. Mekaten ugi, sangsaya dinten sangsaya mindhak anggen kita saged ngedalaken wohing Roh ingkang mupangati lumantar gesang kita, inggih punika: katresnan, kabungahan, tentrem-rahayu, sabar-sareh, paramarta, kabecikan, setya, alusing bebudhen, lan saged ngemudheni dhiri (Gal. 5:22-23). Kadosdene Mama Putih ingkang sampun paring tuladha, ngentasaken tiyang ingkang nandhang budhugen saking kawontenanipun ingkang kasingkiraken. (RA)

“Iman tanpa panggawe iku iya mati”

 

Renungan Harian

Renungan Harian Anak