Diopeni Pancaran Air Hidup 19 April 2022

19 April 2022

Waosan: Wahyu 12 : 1 – 12 ǀ Pamuji: KPJ. 82
Nats: “Dene sang wanita mau mlayu menyang pasamunan, ing panggonan kang wus dicawisake dening Gusti Allah, supaya diopeni ana ing kono lawase sewu rong atus sawidak dina.” (Ayat 6).

Wonten salah satunggaling ibu ingkang katilar dening semahipun. Piyambakipun mboten gadhah pandamelan ingkang maton, kesehatanipun ugi mboten sae lan gadhah tanggel jawab kangge nyekolahaken lan ngragadi 5 putranipun ingkang taksih alit. Ibu punika rumaos mboten kiyat nglampahi gesang kados mekaten, manahipun semplah saha kecalan pengajeng-ajeng ing gesangipun. Ing sanes wekdal, piyambakipun ndedonga nyuwun kekiyatan kangge mbudidaya nglajengaken gesangipun. Ibu punika ngraosaken bilih Gusti Allah tansah ngopeni gesangipun lan para putra. Pungkasanipun, sadaya putranipun saged sekolah ngantos pawiyatan agung, kagungan pandamelan ingkang sae lan mbangun gesang bebrayatan.  

Waosan punika mratelakaken bab kasangsaran ingkang saweg dipun raosaken dening umatipun Allah wonten ing Asia Alit. Umat dipun gambaraken kadosdene wanita ingkang ngandheg, sesambat, njerit lan ngraosaken sesakit. Ing salebeting kahanan kados mekaten wonten naga ageng warni abrit, sirahe cacah pitu, jamange pitu ingkang sedyanipun nedha putrane sang wanita samangsa kalairaken. Naga punika dados pralambang Iblis/ setan (ayat 9). Sirah pitu lan jamang pitu dados pralambang sawetawis tiyang ingkang mbudidaya mimpin “kekaisaran Roma” utawi simbol kitha Roma ing swaunipun kabangun wonten ing sainggilipun pitu bukit. Naga punika estunipun ugi nggambaraken kekaisaran Roma ingkang nindhes umat kanthi kejem. Sadaya umat ing wewengkon Roma wajib ngibadah lan misungsungaken korban dhumateng kaisar Roma ingkang nganggep dhirinipun punika dewa. Tiyang ingkang mboten purun nindhakaken kewajiban punika kaanggep mbalela lan saged nampi paukuman. Sanadyan ngadhepi kawontenan kados mekaten umat saged kaluwaran. Bab punika dipun gambaran wanita kalawau mlajeng ing pasamunan, wonten papan ingkang sampun dipun cawisaken dening Gusti Allah temahan diopeni ngantos sewu kalih atus sawidak dinten utawi 3,5 tahun.

Minangka umatipun Allah, ing kalamangsanipun kita ugi nate ngraosaken kawontenaning gesang kados dene ibu lan pitu pasamuwan ing Asia Alit punika. Ngraosaken semplah ing manah, kecalan pengajeng-ajeng lsp. Saking waosan punika, kita kaengetaken bilih Gusti Allah tansah ngopeni gesang kita. Pramila kita kedah yakin saestu, nggadah pangajeng-ajeng temahan saged nglampahi gesang punika kanthi pitados panguwaosipun Gusti Allah ingkang tansah ngopeni kita. Amin. [Sugimbul].

“Aja wedi nglakoni urip iki, awit Gusti Allah kang ngopeni.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak