Glodhog, Omahe Sapa? Pancaran Air Hidup 19 Agustus 2025

19 August 2025

Waosan: Lelakone Para Rasul 7 : 44 – 53  |  Pamuji: KPJ. 452
Nats: “Langit iku dhamparingSun, sarta bumi iku ancik-anciking sampeyaningSun. Padaleman apa kang bakal sira yasa kagem Ingsun? Mangkono pangandikaning Pangeran, utawa apa panggonan palerebaningSun?” (Ayat 49)

Wonten satunggaling bocah atur pitakenan dhateng simbahipun, “Mbah, glodhog punika griyanipun sinten?” Simbah paring wangsulan, “Glodhog kuwi arane omahe tawon gaweane manungsa sing biasa kanggo ternak tawon ngereh madune.” Si putu manthuk-manthuk, nanging atur piakon malih, “Lajeng, menawi greja kuwi griyanipun sinten? Punapa nggih saestu dalemipun Gusti?” “Lajeng Gusti punika mapan ing greja sisih pundi?”, si putu ndhedhes. Kanthi wicaksana simbah ngandikan, “Greja kuwi pancen dibangun dadi padalemane Gusti supaya wong pracaya isa nunggil manah sowan, ngabekti, lan sinau karsane Gusti bebarengan. Nanging Gusti Allah kuwi ora winates ing ruangan utawa papan, awit jagad lan saisine iku titahe Gusti.”

Stefanus ngaturaken paseksi ing ngajeng Pradata Agama. Ing paseksinipun, Stefanus nyebataken bilih Gusti Allah sampun ngrawuhi manungsa, nanging manungsa taksih pados sesembahan sanes. Stefanus nglajengaken paseksinipun: Gusti Allah marengaken manungsa mbangun Tarub Paseksen, papan pisowanan jaman nabi Musa (Ay. 44-45), padaleman suci kagem Gusti Allah ing jaman prabu Suleman (Ay. 46-47). Sinaosa sampun wonten papan pisowanan, umat kedhah enget bilih Gusti Allah mboten saged dipun watesi papan damelanipun manungsa (Ay. 48-50). Pramila bilih manungsa langkung ngegungaken Padaleman Suci katimbang ngluhuraken asmanipun Gusti Allah, punika dados pratanda bilih manungsa sampun nyawiyah dhumateng Penjenenganipun.

Greja pancen papan ingkang wigati tumrap tiyang pitados. Nanging Gusti mboten namung ningali kados pundi papan pangibadah/ greja punika dipun wangun. Gusti ngersakaken supados kita tansaya nyelak lan rumaket kaliyan Panjenenganipun. Gusti ngersakaken  lampah gesang kita wonten ing pepadhang. Awit saking punika, mangga kita sami ngaturaken pigesangan kita ingkang mbangun turut karsan-Ipun. Sampun ngantos kita namung nengenaken pangertosan kita piyambak. Mangga kita dadosaken pigesangan kita dados papan padalemanipun Gusti. Kados dene glodhog, papan damelanipun manungsa ingkang ngasilaken madu. Mekatena gesang kita tansah ngedalaken woh ingkang sae. Amin. [Jarwi].

“Tekading manah kawula, mbangun turut mring Allah, mbabarken tresna sejati.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak