Waosan : Markus 13 : 1 – 8 | Pamuji : KPJ 431 : 1 – 3
Nats: “Kowe padha sing awas, aja nganti kowe disasarake ing wong!” [ayat 5b]
‘Gusti Allah ora sare’, mekaten nasehatipun tiyang Jawi kanthi tujuwan: (1) Nuntun manungsa supados mboten nate mandheg anggenipun nyuwun pitulungan lan pitedahipun Gusti Allah; (2) Mboten gampil tumindak dosa, enget bilih Gusti Allah mesthi pirsa menapa kemawon ingkang kedadosan ing ndonya menika. Dados, isining batos, sedaya rancangan lan rahasia ingkang taksih kasimpen ing manah, Gusti Allah pirsa. Mekaten caranipun tiyang Jawi njagi gesangipun. Sadar bilih manungsa menika tansah dipun awasi dening Gusti Allah, ndadosaken tiyang Jawi mboten sembrono. Pengajeng-ajengipun: raos aman, tentrem, raharja, tuwin kaadilan gesang sageda karaosaken dening sedaya titah.
Gusti Yesus ngengetaken para pendherekipun bab gesang ingkang badhe kelampahan lan kedadosan, kados ingkang kaserat ing ayat 1-2, 5-8, supados para pendherekipun saged sinau, mangertos, lan nindakaken tatacara gesang ingkang leres ing wekdal samangke. Panjenenganipun mboten mbedheki supados para pendherekipun nginten-nginten kapan perkawis menika badhe kelampahan, ananging mitulungi supados sami saged tata-tata sacara rohani lan nyawisaken samukawis bab ing saben wekdal, kados kita mapagaken rawuhipun Gusti Yesus ingkang kaping kalih.
Gusti Yesus dhawuh bilih sakderengipun rawuhipun malih, kathah tiyang pitados ingkang badhe dipun sasaraken dening para guru palsu. Miturut Kitab Suci, tandha ingkang cetha bab rawuhipun Sang Kristus inggih menika badhe wonten tandha ing mega ingkang saged dipun tingali dening sedaya tiyang (13:26; Wahyu 1:7). Ngangge tembung sanes, kita mboten perlu kesasar ing pemanggih. Pramila perlu ngati-ati ngadhepi saperangan tiyang ingkang ngaku-ngaku sumerep bab dinten rawuhipun Sang Kristus, sebab mboten wonten tiyang ingkang sumerep kapan bab menika badhe kedadosan (13:32). Ingkang perlu inggih menika nyawisaken gesang adhedhasar mantebing pitados kangge mapagaken rawuhipun malih. Pramila: Kowe padha sing awas, aja nganti kowe disasarake ing wong! Amin. [Esha]
“Ayo mbangun dhiri supaya dadi tambah becik”.