Waosan: Ayub 13:1-19 I Pamuji: KPK 145: 3,5
Nats: “Bisa uga kekendelanku iki nylametaké aku, merga wong ala ora bakal wani sowan ing ngarsané Allah.” (ayat 16)
Satunggaling dinten nalika wangsul saking kataksasi calon sidhi, anak kula matur dhateng kula: “Pak, aku iki seneng karo cewek, tapi piye carane supaya aku bisa lali karo cewek iku?” Kula wangsuli pitaken: “Lha kenapa kok kepingin nglalekne? Ora pengin pacaran?” Piyambakipun wangsulan: “Ora, sebab aku isih durung sidhi.” Anak ingkang rumaket kaliyan tiyang sepuhipun, mesthi badhe tansah blaka lan matur menapa kemawon ingkang dipun alami. Menapa malih menawi saweg ngalami pakewed ing gesangipun. Upaminipun, menawi saweg boten gadhah yatra mesthi matur lan nyuwun dhateng tiyang sepuhipun. Menawi dipun anggep utawi dipun dakwa tumindak awon, mesthi nggih matur dhateng tiyang sepuhipun.
Dening rencang-rencang lan garwanipun, Ayub dipun dakwa tumindak awon kanthi sesidheman nglawan Gusti Allah. Pramila gesangipun ketaman pagebluk lan panandhang ageng. Tamtu kemawon Ayub rumaos kuciwa sanget dhateng rencang-rencang lan garwanipun. Ayub boten trima dipun dakwa mekaten. Piyambakipun yakin bilih pandakwanipun rencang-rencang lan garwanipun menika lepat. Ayub yakin bilih piyambakipun leres, boten nindakaken menapa ingkang awon, ingkang cengkah kaliyan karsanipun Gusti Allah.
Karana dipun kuciwani, Ayub ngandika badhe matur dhumateng Gusti Allah. Anggenipun wantun matur dhumateng Gusti karana piyambakipun rumaket kaliyan Gusti. Ayub yakin Gusti Allah mesthi badhe nylametaken gesangipun, malah badhe mulihaken, karana piyambakipun rumaos boten lepat. Menawi boten rumaket sarta tumindak awon, tiyang mesthi boten badhe wantun sowan lan matur dhumateng Gusti Allah.
Menawi kita rumaket kaliyan Gusti Allah, kita mesthi kapitulungan dening Gusti samangsa kita ngalami rubeda lan pakewed. Pramila, sampun ngantos kendhat anggen kita sowan lan matur dhumateng Allah nggih Rama kita. Kita kedah ngendhaleni dhiri supados boten tumindak piawon. Menawi rumaos lepat, mangga enggal-enggal mratobat. [st]
“Aja tumindak ala; ning yen rumangsa ala, mara enggal mratobat!”