Kaluhurna Asmane Gusti Pancaran Air Hidup 17 Oktober 2026

17 October 2026

Waosan: Jabur 96 : 1 – 9  |  Pamuji: KPJ. 9
Nats: “Padha ngluhurna Pangeran Yehuwah kalawan kidung anyar, he wong salumahing bumi, padha ngidunga kagem Pangeran Yehuwah!” (Ayat 1)

Gesangipun tiyang Kristen punika mboten saged tebih saking pamuji sukur, mliginipun gesang sesarengan ing pasamuan. Pepujian punika kados dene oksigen kangge paru-paru. Pangabekti ing pasamuwan saged greget, katon semarak, lan mboten sepen awit saking pepujian punika. Pepujian ugi saged paring kakiyatan dhateng warga pasamuan anggenipun nglampahi gesang. Ingkang langkung wigatos sadaya pepujian kita punika namung katujukaken kagem kaluhuranipun Gusti Allah, ingkang tansah ngluberaken berkah ing pigesangan kita.

Jabur 96:1-9 punika mujudaken pangaken Juru Mazmur billih Gusti Allah punika sejatosipun Ratuning Jagad. Bangsa Isarel tansah saos sokur lumantar pepujian ingkang enggal awit Gusti Allah sampun makarya ing gesangipun. “Padha ngidungna kaluhurane Allah nganggo kidung anyar!” (Ay. 1a). Pepujian ingkang enggal punika pratanda bilih bangsa Israel sampun tumuju ing babagan enggal. Kados pundi Gusti Allah sampun nuntun bangsa Israel saking Mesir tumuju ing tanah prajanjian. Sadaya punika ngengetaken bilih Gusti Allah nggadahi panguwaos ingkang ageng lan panguwaos-Ipun ngungkuli sadaya ilah-ilah bangsa sanes. Pepujian punika sarana kagem nyariosaken kaluhuranipun Gusti Allah ing antawis para bangsa, supados bangsa-bangsa ing sakiwatengenipun bangsa Israel sami tunduk dhumateng Gusti Allah. Awit namung Gusti Allah Sang Ratuning Jagad ingkang paring berkah lan paukuman kanthi adil. Karana punika, sadaya bangsa sami dipun timbali marek ing Padalemanipun Gusti Allah, sami sujud kanthi kasucen ing ngarsan-Ipun.

Ing gesang padintenan, kita ugi ngarosaken kados dene ingkang dipun alami bangsa Israel. Kados pundi Gusti Allah setya tuhu dampingi umat-Ipun ing sadaya babagan gesang. Ndampingi umat-Ipun tumuju ing pemulihan lan kasaenan. Kita saged kiyat karana Gusti Allah tansah ngirid lampah kita. Krana punika, gesang kita kedahipun mboten tebih saking pamuji sukor kagem kamulyanipun Gusti. Pepujian punika ngengetaken kita bilih kita nggadhah pangajeng-ajeng ingkang sejati. Tiyang ingkang tansah memuji Gusti, gesangipun kebak kabingahan, lan kabingahan punika saged dipun raosaken tiyang sanes, langkung-langkung nular dhateng liyan. Mugi kita tansah kasagedna memuji Gusti kanthi tulusing manah kita. Amin. [Sungsang].

“Sadaya ing alam donya saged ical, nanging sampun ngantos kita kecalan saos sokur.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak