Ngembari Kabecikan Pancaran Air Hidup 17 Oktober 2022

17 October 2022

Waosan: 1 Samuel 25 : 2 – 22 │ Pamuji: KPJ. 357
Nats:Nanging Nabal mangsuli marang para utusane Sang Dawud mau, pangucape: ‘Dawud, iku sapa? Anake Isai iku sapa? Ing wektu iki akeh para baturkang minggat ninggal bendaharane.” (Ayat 10)

“Nggih makaten punika pakulinanipun warga ing panggenan kula, sinaosa kula warga greja nggih tetep rebyek ndamel jajan. Melu-melu riyadin Idul Fitri, nggih sami rawuh silahturahmi dhateng gubuk kula. Panci sampun wiwit rumiyin jamanipun mbah-mbah lan tiyang sepuh kula sampun wonten, lha pripun pak Ndito, sampun dados adatipun piyantun dusun kula. Natalan nggih ugi sami rawuh sedaya, nggih kersa rawuh dhateng greja. Nedhanipun nggih dados setunggal, nggih mboten dipun pilah-pilah, puji Gusti rukun sedaya mboten wonten masalah.”

Punika kalawau aturipun salah satunggaling warga pasamuan GKJW ingkang wonten kelompok. Iba endahipun menawi gesang punika saged nglairaken kabecikan gegantosan mboten namung mikir enake dhewe. Legawa ngembari kabecikan sesaminipun, ngraosaken kabecikan ingkang sampun dipun tampi saking tiyang sanes. Prastawa punika benten sanget menawi katandingaken kaliyan tumindakipun Nabal ing waosan kita samangke. Nabal mboten ngrumaosi menawi piyambakipun pikantuk pambiyantunipun saking Dawud. Malahan Nabal nganggep remeh, ngasoraken tumrap pitulungan ingkang sampun dipun tampi. Wewatekan ingkang kados mekaten punika tebih saking berkah, malah-malah saged dados piala ingkang nempuh dhumateng dhirinipun piyambak.

Lumantar waosan kita sapunika, kita sadaya dipun ajak supados nebihi wewatekan ingkang kumalungkung, angkuh, ngener ing kasenengan dhiri kita pribadi, mboten ngrumaosi bilih ing pigesangan kita sadinten-dinten kita taksih mbetahaken pitulungan lan pambiyantu saking tiyang sanes. Mila ing wekdal punika, kita sami dipun ajak kasagedna ngembari utawi mangsuli kabecikan ingkang kita tampi saking tiyang sanes klayan tumindak ingkang migunani kebak ing kaiklasan, tulus trusing manah. Kanthi tata gesang ingkang makaten punika kita saged mbabar katresnanipun Gusti Yesus lan dados saksi ingkang sembada kaliyan dawuh pangandikanipun Gusti. Amin. [Japri].

“Gusti Yesus kasagedna kawula ngembari kabecikan ingkang kawula tampi klayan tumindak ingkang migunani tumrap sesami. Amin.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak