Ngundhuh Wohing Pakarti Pancaran Air Hidup 17 November 2025

17 November 2025

Waosan: Yehezkiel 11 : 14 – 25  |  Pamuji: KPJ. 146
Nats:Supaya lakune manut ing sakehing pranatan-pranataningSun lan tatananingSun kalawan setya; ing kono banjur padha dadi umatingSun lan Ingsun dadi Allahe.(Ayat 20)

“Ngundhuh wohing pakarti” punika salah satunggaling falsafah Jawi ingkang artosipun bilih manungsa badhe pikantuk ganjaran saking punapa ingkang sampun dipun lampahi. Ganjaran punika saged ganjaran sae, ugi saged ganjaran ingkang awon gumantung lelampahanipun. Menawi ingkang dipun lampahi sae, ganjaranipun kasaenan lan menawi ingkang dipun lampahi awon tamtu ganjaran awon ingkang badhe dipun tampi.

Kawontenan punika ingkang dipun alami dening bangsa Israel. Ing pundi rikala semanten bangsa Israel nglampahi prekawis ingkang awon wonten ngarsanipun Gusti Allah. Bangsa Israel mboten setya dhumateng Gusti Allah sinaosa piyambakipun sampun ngraosaken kasaenanipun Gusti. Pramila saking punika Gusti Allah nilar bangsa Israel, wusananipun bangsa Israel kalah perang saking para mengsahipun. Bangsa Israel dados tawanan lan kabucal dados tiyang neneka ing tanah bangsa sanes. Punapa ingkang dipun alami dening bangsa Israel punika minangka ganjaran saking punapa ingkang sampun dipun lampahi. Ing kahanan ingkang mrihatosaken punika, bangsa Israel sadar lan ngaturaken pasambatipun dhumateng Gusti Allah, nyuwun pangapunten. Ing sadengah kahanan punika, Gusti Allah tansah nresnani umat kagunganipun. Panjenenganipun karsa paring kesempatan dhateng bangsa Israel supados mratobat lan badhe ngenggalaken kawontenanipun bangsa Israel, supados bangsa Israel dados bangsa setya lan mbangun turut dhumateng Panjenenganipun. Punika janjinipun Gusti Allah dhumeteng bangsa Israel. Punika mratelakaken bilih menawi bangsa Israel purun mratobat, wusananipun mangke badhe pikantuk ganjaran ingkang sae, Gusti Allah badhe mulihaken kahananipun.

Saking waosan punika kita saged mangertosi bilih punapa ingkang dipun lampahi dening bangsa Israel, nemtokaken ganjaran ingkang badhe kaundhuh wonten ing gesangipun. Pramila sumangga anggen kita nglampahi gesang, kita ngati-ati, sampun ngantos kita nglampahi prekawis ingkang awon ing ngarsanipun Gusti Allah, awit ing titi wancinipun kita badhe ngundhuh sadaya wohing pakarti kita. Menawi wonten kalepatan, sumangga kita nyuwun pangapunten dhumateng Gusti Allah, supados Gusti Allah piyambak ingkang makarya lan nuwuhaken ganjaran ingkang sae wonten ing gesang kita. Amin. [YHS].

“Urip iku terus mlaku bebarengan karo wektu, sing bisa gawa lakumu supaya apik nasibmu.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak