Gusti Allah Duka Pancaran Air Hidup 17 November 2023

17 November 2023

Waosan: Yehezkiel 7 : 1 – 9 | Pamuji: KPJ. 63
Nats: “Ingsun ora bakal rumaos eman lan ora bakal nandukake kawelasan; sira bakal Sunwales cundhuk kalawan panggawenira lan tumindakira kang nistha bakal tumempuh marang sira. Sira banjur bakal sumurup, yen Ingsun, Yehuwah kang nyirnakake.” (Ayat 9)

Satunggaling ibu nyariosaken raos dukanipun tumrap putranipun dhateng polisi: “Bocah kae wus ngedol kabeh emas sing ana ing simpenan. Mbengi-mbengi njupuk TV banjur di dol. Durung maneh duit ana ning lemari meneng-meneng dijupuk sithik-sithik nganti entek. Uga bola-bali ngapusi. Aku wis ora tahan maneh!” aturipun ibu punika kanthi nangis. Putranipun kecanduan narkoba. Sang ibu kapeksa nglaporaken putranipun dhateng polisi. Piyambakipun rumaos cuwa lan duka kaliyan putranipun.

Yehezkiel 7 punika minangka puncak saking Yehezkiel 4-6. Gusti Allah estunipun nresnani bangsa Israel, lajeng duka kaliyan bangsa Israel. Pasal punika kawiwitan kanthi sekawan pameca bab bencana ingkang badhe katampi dening bangsa Israel, khususipun wonten ing Yerusalem. Bangsa Israel badhe ngalami karusakan, “Ingsun bakal males marang sira cundhuk kalawan tumindakira.” (Ay. 4). Mila Yehezkiel paring pameca bab punapa ingkang badhe kalampahan tumrap bangsa Israel. Punika karana bangsa Israel sampun damel dosa dhumateng Gusti Allah. Wonten ing Yehezkiel 22:1-31 kasebataken marupi-rupi dosa lan kalepatanipun bangsa Israel dhumateng Gusti. Wonten ing Yeheskiel 22:7-8 sinerat mekaten, “Ana ing sira bapa lan biyung padha dicecamah lan ana ing tengahira wong manca dikaniaya, ana ing sira bocah yatim lan randha padha katindhes. Samubarang kang suci tumrap Ingsun sira anggep dudu apa-apa sarta dina-dina SabatingSun sira najisake.” Punika namung conto saking sakathahing dosa ingkang katindakaken dening bangsa Israel ingkang ndadosaken Gusti Allah duka lan maringaken ukuman.

Gusti Allah tegas lan duka tumrap dosanipun manungsa. Sanadyan fokus kita kedahipun boten wonten ing paukumanipun Gusti Allah ingkang dadosaken kita ajrih kaliyan Gusti, ananging pameca lumantar Yehezkiel ngemutaken kita sadaya bilih Gusti Allah punika boten saged kangge dolanan. Gusti Allah kebak sih katresnan, ananging Gusti Allah ugi tegas lan mboten remen kaliyan tumindak dosa. Ingkang kalampahan asring kita ngginakaken sih kawelasanipun Gusti Allah dados adakan anggen kita terus damel dosa. Mugi kita katebihaken saking tumindak ingkang mekaten punika. Amin. [ANS].

“Sansaya kita netepi pepakone Gusti, sansaya punika mranani penggalihipun Gusti.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak