Waosan: Lelakone Para Rasul 11 : 27 – 30 ǀ Pamuji: KPJ. 132
Nats: “Para siswa banjur padha mutus arep nglumpukake sumbangan miturut sakadare dhewe-dhewe, bakal dikirimake marang para sadulur ing tanah Yudea.” (Ayat 29).
Nalika kita mireng wonten sederek kita ingkang nandhang kasisahan karana bencana alam, kados erupi gunung Semeru, tamtunipun kita badhe nyengkuyung, tumut mbiyantu, saha paring pitulungan dhateng sederek kita punika. Kados, nalika warga masyarakat ing wilayah Pronojiwo lan Lumajang ingkang griyanipun risak karana erupsi gunung Semeru, para relawan lan para sederek sanes benten kapitadosan sami atur pitulungan dhateng warga ingkang kasisahan. Prakawis punika nedahaken bilih kita gesang punika boten piyambakan, taksih wonten sederek sanes ingkang peduli lan purun atur pitulungan ing bot repoting sederekipun ingkang nandhang kasisahan.
Waosan kita wekdal punika nyariosaken kawontenanipun pasamuwan Anthiokhia, ing pundi para panderekipun Gusti Yesus, ing wiwitan mula kasebat tiyang Kristen. Sak sampunipun Stefanus pejah, para rasul punika sumebar dhateng Fenisia, Siprus, lan Anthiokhia anggenipun martosaken Injil. Injil kawartosaken boten namung kangge tiyang Yahudi kemawon ananging ugi kangge bangsa-bangsa sanesipun. Nalika semanten Banarbas lan Saulus dipun utus martosaken Injil dhateng Anthiokhia. Sak dangunipun satunggal taun anggenipun Barnabas lan Saulus nenggani pasamuwan Anthiokhia punika. Selajengipun ugi rawuh Agabus salah satunggaling nabi saking Yerusalem dhateng Anthiokhia, sarta medhar sabda: “Badhe wonten pailan ageng ing donya punika.” Mireng bab punika, warga pasamuwan Anthiokhia sami ngempalaken sumbangan kangge mbiyantu para sederek patunggilan ing tanah Yudea lumantar Barnabas lan Saulus.
Kawontenan pasamuwan Anthiokhia ingkang nembe dados pasamuwan Kristen, saged dados tuladha kangge kita. Kados pundi anggen kita nggadhahi rasa pangrasa tumrap kasisahan sedherek kita. Kita tansah ngaturaken panuwun sokur dhumateng Gusti Allah bilih pagebluk Covid-19 punika sansaya mandap lan mugi enggal sirna. Nanging raos peduli lan raos empati kita dhateng sesami ingkang nandhang kasisahan kedah tetep kelampahan. Sikap welas asih lan purun andum berkah kedah kita lajengaken salebeting gesang kita. Boten namung nalika mangsa pagebluk lan bencana alam kemawon, ananging ugi ing satengahing gesang kita sadinten-dinten. Awit kita pitados Gusti Allah tansah paring kakiyatan lan kasagedan dhateng kita sadaya dados talanging berkah kangge sasami lumantar pitulungan kita. Amin. [AR].
“Tulung tinulung ing bot repoting pasamuwan punika nuwuhaken kabingahan ageng.”