Waosan: Yokanan 12 : 20 – 33 | Pamuji: KPJ. 262
Nats: “Ananging Gusti Yesus mangsuli, pangandikane: ”Wus tekan wektune Putrane Manungsa kaluhurake.” (Ayat 23)
Wonten ing jagad punika wonten nami-nami tiyang ingkang misuwur awit gadhahi wibawa, kharisma saha talenta ingkang pinunjul, mila kathah tiyang ingkang kepingin pinanggih priyantun kalawau. Asmanipun Gusti Yesus ugi mekaten, rupinipun asmanipun Gusti Yesus sampun kawentar dumugi ing sakjawinipun Israel ngantos tiyang-tiyang Yunani kepingin pinanggih Panjenenganipun. Kenging punapa tiyang-tiyang Yunani kalawau kepingin pinanggih Gusti Yesus? Tamtu kathah sebab-musababipun, antawisipun tiyang-tiyang Yunani punika mireng bilih Gusti Yesus kawentar saged nyarasaken tiyang sakit, kados tiyang lumpuh, tiyang wuta, tiyang bisu, ugi saged nangekaken tiyang pejah.
Menawi kita tliti kanthi lebet wangsulanipun Gusti Yesus dhateng Filipus lan Andreas ingkang dados pantara pinanggihipun tiyang-tiyang Yunani kalawau tinemu janggal. Janggal awit Gusti Yesus paring wangsulan bab wekdal lan kamulyan (Ay. 23). Gusti Yesus ngendikakaken bab Sariranipun ingkang dipun kersakaken dening Gusti Allah kedah seda kangge milujengaken umat manungsa. Gusti Yesus ngendikakaken bab kamulyan ingkang badhe dipun tampi saking Gusti Allah ananging Panjenenganipun kedah nandhang kasangsaran, seda lan wungu ing tigang dintenipun malih. Margi punika kedah katempuh dening Gusti Yesus supados manungsa mboten nampi kasangsaran langgeng. Prastawa punika ingkang dados puncak rancanganipun Gusti Allah.
Sarana pangorbananipun Gusti Yesus punika, kita sedaya mboten nampi awrating bebendu dosa inggih punika pati, ananging kita sami kaparingan gesang langgeng. Ing salebeting gesang kita punika, kita kedah kiyat mikul salib awit saking kaleresan, kaadilan, kajujuran gesang kita. Kita pikul kanthi tanggel jawab karana Gusti Yesus sampun prajanji maringi gesang langgeng ing swarga kangge kita ingkang setya mikul salib. Dinten-dinten punika dados dinten wekasan ing mangsa Pra Paskah, sumangga kita sami nyawisaken manah kangge methuk rawuhipun Gusti Yesus ingkang kaping kalih. Pancen gesang ing dinten wekasan punika mboten gampil, kita kedah nyuwun kakiyatan dhumateng Gusti supados kita mboten ajrih ngadepi kawontenan donya punika. Kita tansah tatag lan saged nuladhani margi ingkang katempuh dening Gusti Yesus. Amin. [Djian].
“Kiyat mikul salib, awit punika margi kamulyan.”