Waosan : Lukas 13 : 31 – 35 | Pamuji : KPJ 375
Nats : “…Wus kaping-kaing anggonku arep nglumpukake anak-anakMu, kaya babon anggone nglumpukake kuthuk-kuthuke…“ [ayat 34b]
Ing kitha Magelang, ing redi Rhema wonten salah setunggaling gedung greja ingkang dados tempat wisata. Punika awit wujud bangunanipun unik, kados ayam-babon, pramila greja punika kasebat Gereja Ayam. Greja punika tansaya misuwur nalika dados salah setunggaling lokasi syuting film AADC sawetawis tahun kepengker.
Gereja Ayam, ngemutaken kita kaliyan waosan ing dinten punika. Gusti Yesus mapanaken dhiri minangka babon/ ibu (ay 34b). Sacara tradisi punika menarik, awit sae ing jaman Gusti Yesus lan ugi kita samangke kita gesang ing salebeting budaya patriarki (mengutamakan laki-laki).Kita tamtu mboten asing klayan istilah Allah Rama, minangka pengaken bilih Gusti punika inggih Rama kita. Ananging dinten punika kita dipunajak nggatosaken ‘sisi lain’ ingkang mboten namung nembus tradisi lan budaya patriarkhal, ugi nggigah pangraos kita. Dhawuhing Gusti tumrap bangsa Yahudi ing ayat 34 kala wau menawi dipun raosaken estu nrenyuhaken sanget.
Sejatosipun konteks waosan kita nedahaken pawartos bab kasangsaraning Gusti. Ing salebeting pergumulan awrat ingkang dipun sanggi, nyata Gusti Yesus mboten ngrumiyinaken dhiripun piyambak, malah nedahaken tresna tumrap bangsa Yahudi, kalebet tiyang-tiyang ingkang badhe nyedani. Panjenenganipun estu mapanaken dhiri minangka ibu, ingkang saestu tresna dhateng anak-anakipun, sanadyan anak-anak kala wau duraka! Panjenenganipun tetep mboten tega! Sanadyan wusananipun punapa ingkang dados pangajeng-ajengipun Gusti Yesus mboten saged kelampahan, awit kuthuk-kuthuk ingkang badhe kakempalaken sampun mblasar dhateng pundi-pundi, malah nyedani babonipun.
Saking reraosan dinten punika, swawi kita saged nyinau, bilih Gusti ingkang asring kita sebat Rama, mboten namung kagungan wibawa, teges, lsp kados dene figur bapak ing gesang kita ananing ugi asipat welas asih, lembut, lan ugi penyayang kados dene ibu. Pitakenipun, punapa kita cumadhang dados kuthuk ingkang ngayom dateng babon kita? Punapa kita langkung remen lumampah miturut pikajeng kita piyambak lan ndadosaken sekel galihipun Gusti? [Why]
“Gusti Allah punika Rama kita kang nresnani kathi katresnaning Ibu”