Dhawuh Paduka, Gesang Kula Renungan Harian 17 Juni 2019

17 June 2019

Waosan : Amsal 7 : 1 – 5 | Pamuji : KPJ 204
Nats : “Tembungku gugunen, temah kowe bakal urip.” [ayat 2a]

Nalika taksih SD ngantos SMA, saben dalu sakrampunge sinau ibu mesthi ngutus Agung paring pambiyantu nyiapaken masakan kangge sangu sekolah mbenjing. Kadangkala wonten raos kesel lan males, nanging ibu ngemutaken menawi Agung purun nedha, Agung kedah purun ngupadi. Kala semanten Agung mboten ngertos punapa ingkang dipunkajengaken ibu, ingkang wigatos Agung nindakaken napa ingkang dipundhawuhaken ibu. Saklajengipun nalika Agung gesang piyambak, tebih saking ibunipun, awit kedah nglajengaken pendidikan ing luar kota, Agung mboten ngalami kahanan ingkang awrat awit sampun kulina mbiyantu ibu nyiapaken masakan. Agung nembe sadhar bilih napa ingkang dipungendikaken ibunipun punika nyiapken Agung kangge nglajengaken gesang ingkang mandiri.

Dhawuh utawi pituturipun tiyang sepuh marang para putra tamtu kangge kasaenanipun para putra, ing wekdal punika lan selajengipun. Kadangkala minangka para putra rumaos awrat nindakaken dhawuhipun tiyang sepuh, kadang ugi mboten mangertos napa faedahipun kala semanten. Menawi purun nlateni, setya tuhu midhangetaken ugi nindakaken tamtu para putra saged nglajengaken gesang kanthi prayogi sanajan mboten malih sesarengan tiyang sepuh.

Punika wau tata caranipun manungsa nata putra turunipun supados saged gesang ingkang sae. Napa malih Gusti Allah ingkang tansah nggadhahi rancangan endah kangge manungsa. Bab punika ingkang dipunraosaken kaliyan abdinipun Gusti lan sinerat ing Amsal. Pepenget dhumateng sinten kemawon ingkang maos bilih dhawuhipun Gusti Allah ingkang lumantar maneka warni, kalebet kitab suci, tiyang sepuh, jagad lsp punika nuntun tumuju ing gesang ingkang prayogi, menawi kita purun midhangetaken lan ngestokaken. Kadangkala kraos sepele, kadangkala ugi awrat. Ananging menawi purun setyatuhu nindakaken dhawuh pangandikanipun, temah kita badhe gesang. [fani]

“Rahayu saben tiyang ingkang midhangetaken saha ngestokaken dhawuhipun Gusti”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak