Waosan : Mateus 25 : 31 – 46 | Pamuji : KPJ. 156 : 1
Nats: ”Samubarang kabeh kang sira tindakake kanggo salah sawijining saduluring Sun kang asor dhewe iki, iku iya sira tindakake kagem Ingsun.” (ayat 40)
Manawi kita raos-raosaken ing lelampahan gesang sadinten-dinten, satunggal prakawis ingkang kasuraosaken dening tembung ”slamet”, tamtunipun inggih khalis ing sambikala, utawi linuputaken saking bebendu. Langkung prasaja malih, ”slamet” punika nyuraosaken kahanan gesang kita ingkang tebih saking prakawis ingkang boten kita pikajengaken. Contonipun, kita tinebihaken saking dhawah, kecelakaan, sakit, lan sanes-sanesipun. Lajeng sacara iman Kristen, kaslametan ingkang kados pundi ingkang kita imani? Sasisih, kita ngimani bilih kaslametan punika minangka prasetyanipun Gusti Allah ingkang badhe kita tampeni ing tembe, samangsa Gusti Yesus rawuh ingkang kaping kalih. Ngemu suraos bilih, kita tansah nggadhahi pangajeng-ajeng tumrap kawilujengan. Pengajeng – ajeng punika dados salah satunggaling dhasaring iman kita. Kita kedah ngimani lan nggadhahi penghayatan bilih kaslametan punika ugi nyuraosaken timbalan utawi amanatipun Gusti Allah ingkang kedah kita babar ing alam donya punika. Pitakenanipun, punapa ingkang saged kita tindakaken anggen mbabaraken kaslametan ing alam donya punika?
Ing waosan kita dinten punika, sampun terang bilih kebabaring kaslametan punika lumantar tumindak ingkang ambiyantu nebihaken saha ngentasaken saking sambikala. Pancen, Injil miturut Mateus negesaken sanget bab kaslametan ingkang kedah binabar wonten ing bumi, sapunika! Lan miturut waosan kita, kaslametan ingkang kedah binabar punika inggih awujud kacekapan tumrap kabetahan dhasaripun sagung manungsa (sandang, pangan, papan). Manawi ing sakiwa-tengen kita taksih wonten sesami ingkang kekirangan, punika timbalan utawi amanat kangge kita sadaya supados ndherek ambiyantu ngentasaken kasisahanipun.
Wosipun, kaslametan minangka prasetya punika boten jangkep manawi boten kita sarengi kaliyan nindakaken amanat. Prasetyanipun Allah bab kaslametan punika pancen minangka dhasaring iman kita. Ananging, boten kalah pentingipun, bilih kaslametan minangka amanat agung sejatosipun ugi ndhasari gesang kaimanan kita dhateng Gusti Yesus. Lan salah satunggaling ukuran bilih kita punika patut sinebat para pitados, katitik saking kasagahan kita nindakaken amanatipun Gusti punika, inggih mbabar kaslametan. [aan]
”Kaslametan, kedahipun kita imani minangka amanat, boten namung minangka prasetya kemawon”