0.Waosan: Yeremia 3 : 19 – 25 | Pamuji: KPJ. 188
Nats: “Lah punika kawula, kawula sami sowan ing ngarsa Paduka, amargi Paduka punika Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kawula.” (Ayat 22b)
Salah satunggaling bab ingkang kedah dados penggalih kita sadaya, inggih punika sadar bilih pigesangan kita punika berkah saking Gusti. Gusti Allah karsa paring gesang, kangge kita lampahi kanthi kebak tanggel jawab. Awit gesang kita punika peparingipun Gusti, kita kedah purun ngrimati lan njagi gesang punika miturut karsanipun Gusti. Dipun betahaken tekad kangge kita mbudidaya gesang ingkang sae. Sadaya kawiwitan anggen kita sami pasrah sumarah dhumateng Panjenenganipun, awit Gusti Allah ingkang kagungan gesang punika. Setya tuhu ndherek Gusti punika wujuding tekad kita kangge saenipun pigesangan kita. Ingkang dados prekawis, kados pundi kaliyan tiyang ingkang mboten manut lan setya?
Sabdanipun Gusti wekdal punika ngatingalaken kados pundi umat Israel ingkang mboten setya tuhu ndherek Gusti. Kawastanan punika kados semah ingkang mboten setya dhateng kakungipun. Pramila Gusti nimbali umat-Ipun supados purun mratobat lan nggadahi tekad mbudidaya kasetyanipun dhumateng Gusti. Ingkang sae, timbalan punika dipun tampi kanthi saestu dening umat Israel. Umat Israel saestu mratobat lan masrahaken kawontenanipun dhumateng Gusti. Ing ayat 23, Gusti Allah paring dhawuh bilih kaslametan ingkang sejati punika namung saking Panjenenganipun. Tengger-tengger pangurbanan ingkang dados simbol pangurmatan dhateng ilah-ilah sanes lan sadaya upaya manungsa punika mboten saged dados sumbering kaslametan. Punika saged dados pepenget kangge kita bilih sadaya upaya manungsa kangge manggihi kaslametan ing njawinipun Gusti Allah punika upaya ingkang tanpa guna.
Sabdanipun Gusti punika dados wujuding timbalan kita ngraos-raosaken katresnanipun Gusti ingkang tanpa wates. Kita puruna ngakeni dosa lan kalepatan kita, sarta mratobat kanthi tulus lan andap asoring manah. Mangga kita sanggemi timbalan punika kanthi kebaking saos sokur lan tekad mbudidaya gesang miturut karsanipun Gusti. Mangga kita tansah mbudidaya gesang ndherek Gusti, pasrah sumarah dhumateng Panjenenganipun. Awit pasrah dhumateng Gusti punika wujuding tekad kita kangge mbudidaya gesang. Kita pitados bilih gesang ingkang katuntun dening Gusti punika gesang ingkang sae tumuju kawilujengan. Amin. [dvd].
“Tekad kangge mbudidaya gesang saged awujud pasrah dhumateng ingkang kagungan gesang punika.”