Bacaan : Lelakone Para Rasul 8 : 18 – 24 | Pujian: KPJ. 414
Nats: “Nanging Rasul Petrus banjur ngandika marang dheweke: “Dhuwitmu kenaa ing rusak bareng karo kowe, amarga kowe ngira, yen kowe bisa tuku peparinging Allah nganggo dhuwit.” [ayat 20]
Wonten pameca ingkang mekaten “Yen jaman saya maju titenana, kali- kali ilang kedunge, pasar ilang kumandhange”. Pameca menika sampun kathah ingkang kalampahan. Lepen-lepen sampun mboten jero kados jaman rumiyin, sang saya dangu ilinipun toya sang saya alit. Sedaya menika kalampahan karana kathah wana ingkang sampun gundul dipun babat dening para manungsa duraka. Kawontenan pasar ugi mboten kados rumiyin. Samangke tiyang sami blanja ing super market, malah kathah ugi ingkang belanja ing “situs online”.
Tamtu sedaya ewah-ewahan menika karana manungsa kepingin gesangipun sangsaya gampil, mboten rekoso. Kathah tiyang ingkang rumaos sedaya saged dipuntumbas. Malah bendaranipun inggih banda donya ngantos kesupen kaliyan kuasaning Gusti Allah.
Waosan kita ing dinten menika nyariosaken bab tumindakipun Simon ingkang duraka. Simon mastani sih rahmat saking Allah saged dipun tumbas kaliyan artanipun, menika dadosaken Rasul Petrus duka sanget lan ngandika “Dhuwitmu kenaa ing rusak bareng karo kowe, amarga kowe ngira, yen kowe bisa tuku peparinging Allah nganggo dhuwit” .
Wonten ing jaman modern menika kathah tiyang tumindak kados Simon ingkang nginten saged tumbas menapa kemawon kalebet sih rahmatipun Allah. Karana pemanggih ingkang mekaten manungsa sami “kemrungsung” ngempalaken donya brana sak kathah-kathahipun, ngantos blasar anggenipun nglampahi gesang. Contonipun : karana kepingin sugih manungsa sami nebang wana, mboten preduli akibat ingkang badhe dipun tampi. Nyatanipun sanes kasugihan menapa kawilujengan ingkang dipun tampi nanging malah bebendu arupi banjir lan lemah longsor.
Sarana teknologi menawih dipunginaaken kanthi lepat malah dados bebendu kangge gesangipun manungsa. Contonipun : karana teknologi ingkang pinunjul, manungsa sang saya dangu sang saya kesed. Wusananing dadosaken manungsa kelemon lan kathah penyakit ingkang nyerang raganipun.
Sumangga kita ngupadi tumedhaking sih rahmat wonten gesang kita sarana tansah nimbang-nimbang tumindak kita. Sageda sedaya tumindak menika dadosaken kawilujengan kangge gesang bebrayan. Sugeng nampi sih rahmating Allah lumantar tumindak ingkang sae. [DKR]
“Amarga kang dadi witing sakehing piala iku ambek karem bandha.”