Gusti Yesus Tuking Kayekten lan Kesarasan Renungan Harian 17 Februari 2019

17 February 2019

Waosan : Lukas 6 : 17 – 26 | Pamuji : KPJ 35
Nats“Anggone padha mrana iku arep ngrungokake pangandikane lan supaya kawarasake lelarane, apadene wong-wong kang kasurupan ing roh reged iya padha kasarasake.”[Ayat 18]

Waosan Injil Lukas 6:17 – 26, nedahaken bilih tiyang kathah ingkang madosi lan ndherek Gusti Yesus gadhah motivasi utawi tujuan kepengen midhangetaken Pangandikanipun Gusti lan nyuwun kasarasan. Tiyang kathah punika ngrumaosi lan sami pitados bilih Gusti Kristus ingkang dados tuking kayekten lan
pangajeng-ajengipun. Pangandikanipun Gusti Kristus minangka tuking kayekten, ingkang dados tuntunan tumuju gesang ingkang sejati. Makaten ugi Gusti Kristus tuking daya ingkang nyarasaken sesakit sarta nguwalaken manungsa saking panguwasaning roh pepeteng.

Motivasi lan keyakinan ingkang ageng ndadosaken tiyang kathah punika mbikak korining manah nampeni Sabda Suci lan gadhahi semangat supados saras saking sesakit (ayat 18). Motivasi lan keyakinan ingkang saestu kiyat punika dipun cariyosaken ing ayat 19 nalika tiyang kathah “mbudidaya bisane ndemek Panjenengane”. Tiyang kathah punika mboten gela lan kuciwa anggenipun pitados dhumateng Gusti, awit pepanggihan kaliyan Gusti Kristus nyantosaken.

Kadosdene tiyang kathah ingkang kacariyosaken ing Injil Lukas 6:17-26 punika, kita sami dipun emutaken supados tetap setya ndherek Gusti Kristus kanthi motivasi lan keyakinan ingkang kiyat. Inggih punika motivasi lan keinginan supados saged midhangetaken piwulang ingkang sejati, nenuntun gesang kita tumuju ing kayekten ingkang sejati. Makaten ugi, kita purun mbikak korining manah supados dipun sarasaken saking paiting batos, raos lara ati, dendam,serik, lsp. Kita masrahaken diri dipun uwalaken saking pangwasaning roh pepeteng ingkang dadosaken kita namung nguja pepinginan daging sarta hawanafsu.

Sumangga kita kanthi tekun nyinau piwulangipun Gusti Kristus, mbikak korining manah satemah dipun sarasaken kaliyan Gusti Kristus, sarta masrahaken diri satemah kita dipun uwalaken saking pangwasaning roh pepeteng. Pitakenan kangge kita : Menapa taksih pitados bilih Gusti Yesus Kristus kagungan kuwasa ing pigesangan kita? Amin. [pnd]

“Urip kuwi srana pracaya”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak