Gusti Yesus Wungu Pancaran Air Hidup 17 April 2022

17 April 2022

Waosan: Lukas 24 : 1 – 12 ǀ Pamuji: KPJ. 267 : 1, 2
Nats:
“Wong-wong wadon mau iya nuli kelingan marang pangandikane Gusti Yesus iku. Lan sabaline saka ing pasarean, banjur padha nyritakake iku kabeh marang sakabat sawelas lan marang sadulur liyane kabeh.” (Ayat 8-9)

Ing GKJW nalika dinten Minggu Paskah, kathah warga ingkang sami nindakaken pangabekti Paskah ing wanci enjing, saderengipun surya sumunar, biasanipun dipun wiwiti jam 5. Pangabekti Paskah punika kalampahan kangge mengeti Gusti Yesus ingkang wungu, sarta ngenget-enget para tiyang estri ingkang tindak dhateng pasareanipun Gusti Yesus ing wanci enjing. Sak sampunipun rampung pangabekti, saperangan majelising pasamuwan ngaturi tigan Paskah dhateng para warga ingkang dados pra lambang wonten gesang ing Gusti Yesus.  

Waosan ing dinten Paskah punika nyariosaken Maryam saking Magdala lan kanca rencangipun ingkang tindak dhateng pasareanipun Gusti Yesus saperlu ningali layonipun Gusti Yesus. Sela ingkang nutupi pasareanipun Gusti Yesus tinemu kaglimpangaken. Para tiyang estri punika lajeng mlebet, nanging boten manggihaken layonipun Gusti Yesus. Prakawis punika dadosaken kasedhihan para tiyang estri punika. Ing satengah-tengahing suasana punika, kalih malaikatipun Gusti paring pangandika bilih Gusti Yesus sampun wungu. Kekalih malaikat punika ngengetaken punapa ingkang dados pangandikanipun Gusti Yesus saderengipun nandhang sangsara lan pejah, bilih Panjenenganipun badhe wungu ing tigang dintenipun. Para tiyang estri punika enget pangandikanipun Gusti Yesus punika lan ngraosaken suka bingah karana Gusti Yesus sampun wungu. Kabingahan ingkang dipun raosaken punika ugi dipun wartosaken dhateng para sakabat sanesipun.

Ing dinten Paskah punika mangga kita sami suka bingah awit Gusti Yesus sampun wungu. Gusti Yesus sampun ngawonaken pati. Gusti Yesus saestu gesang ing kamulyan. Mekaten ugi wungunipun Gusti Yesus punika betha pengajeng-ajeng lan kawilujengan kangge kita sami. Wungunipun Gusti Yesus, dadosaken kita sansaya rumaket kaliyan Allah. Mekaten ugi iman kapitadosan kita dhumateng Gusti Yesus punika sansaya nyata, karana kita manembah lan ngabekti dhumateng Gusti Yesus ingkang gesang. Mangga ing dinten Paskah punika, kita sansaya tresna lan setya tuhu nderek Gusti Yesus. Paskah dados landesan kangge kita masrahaken gesang kita sawetahipun dhumateng Gusti Yesus. Sugeng Paskah. Sugeng mangun katresnan lan kasetyan dhumateng Gusti. Amin. [AR].

“Paskah punika wujud agunging pakaryan lan katresnanipun Allah dhateng kita.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak