Lagu lan Langgeng Pancaran Air Hidup 17 April 2021

17 April 2021

Waosan:  Jabur 4 : 1 – 9 | Pamuji :  KPJ. 53
Nats: “Kanthi ayem-tentrem kawula badhe leyeh-leyeh lajeng enggal tilem, amargi dhuh Yehuwah, namung Paduka ingkang njalari kawula manggen kanthi tentrem.” (Ayat 9)

 Wonten kalih nem-neman ingkang kekancan sarta sedaya nem-neman menika sampun nggadhahi pacar. Wonten ing satunggaling dinten, pacaring nem-neman kala wau sami nyuwun pisah, lan wekdalipun kok nggih sesarengan. Laren nem ingkang kapisan gadhah raos kuciwa. Lajeng medal nitih taksi dhateng pinggir jembatan, nibakake awake lajeng mati. Kosok wangsulipun, lare nem ingkang kaping pindo, wangsul griyanipun lajeng nulis syair lagu ingkang isinipun patah hati. Benjangipun, lare nem kalawau dhateng studio rekaman nuli nyuwun supados syair lagunipun saged dipun dadosaken nyanyian. Berkahipun Gusti, lagu menika laris ing pasaran lan dados kasuwur.

Kita saged gatosaken, bilih raos kuciwa ingkang dipunraosaken dening lare nem kekalih menika saged nuwuhaken aksi ingkang benten. Amargi Menapa? Amargi raosing manah menika boten wonten ingkang tetep. Sedaya gumantung kaliyan manajemening manah sarta pikiran. Lare nem ingkang kapindo saged ningali bilih kuciwaning manah menika dados piranti ngugemi bilih taksih wonten pangajeng-ajeng lan margi kangge mentas saking masalah.

Dados tiyang pracaya menika ateges kita kagungan pangandel bilih sedaya ing donya boten wonten ingkang langgeng. Kasedhihan, kuciwaning manah, prakaraning donya menika peranganing gesang. Lan kita kagungan Gusti Allah ingkang mengku marang titahipun. Boten heran bilih Prabu Dawud ngrepekake kidung konjuk marang Pangeran Yehuwah bilih piyambakipun badhe leyeh-leyeh lajeng enggal tilem (ayat 9) amargi Dawud pitados bilih Gusti Allah piyambak ingkang paring tentrem. Mugi kita dipun kiyataken lumantar kidung jabur Prabu Dawud menika. Ing satengahing kuciwa, kasedhihan, prakara ning donya ingkang awrat, Gusti ingkang Maha Kwasa kersa nulungi kita. (ardien).

“Urip ing donya kuwi singkat, mula kedah dilampahi kanthi bungah”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak