Waosan: 2 Para Raja 5 : 1 – 14 | Pamuji: KPJ. 368
Nats: “Nanging para punggawane nuli padha nyedhaki lan matur: … Punapa malih sapunika, nabi punika namung matur: Kawula aturi siram, temtu lajeng dados resik.” (Ayat 13)
Rembug warga punika salah satunggaling tradisi ingkang dipun rimati lan dipun tindakaken dening Greja Kristen Jawi Wetan. Ing salebeting rembug warga, sadaya warganing pasamuwan sami kagungan hak ngaturaken pamanggih lan pangajeng-ajengipun bab pasamuwanipun. Lampahing rembug warga punika mboten tansah kalampahan kanthi gampil, awit swantenipun warga pasamuwan punika saged ugi benten-benten. Sanadyan benten, sadaya punika penting karana dados dhasar kangge wiyosing putusan-putusan ingkang kapundhut dening Majelising Pasamuwan.
Wekdal nandhang sakit budhugen utawi kusta, Naaman mboten saged ngraosaken karsanipun Gusti Allah kanthi sae. Pangajeng-ajengipun Naaman, Nabi Elisa saged nyuwunaken berkah dhumateng Gusti Allah supados piyambakipun enggal nampi kasarasan. Ananging, nabi Elisa malah paring dhawuh dhateng piyambakipun supados tindak bengawan Yarden lan mbasuh badanipun ing bengawan punika. Dhawuhipun Elisa punika mboten katampi kanthi bingah ing manah, awit pamanggihipun Naaman, ing Damsyik kathah bengawan ingkang langkung sae toyanipun tinimbang bengawan Yarden. Mangertosi osiking manahipun Naaman, Gusti Allah karsa ngagem para prajuriting Naaman, lajeng ngemutaken supados Naaman nindakaken dhawuhipun Elisa kanthi tulus. Swantenipun prajurit punika ndadosaken manahipun Naaman saya andhap asor nampi pakaryanipun Gusti Allah.
Ing mangsa Pambangunaning Greja Kristen Jawi Wetan punika, kita kaajak sinau satunggaling piwucal bab sesambetanipun Naaman kaliyan prajuritipun. Sejatosipun Gusti Allah karsa ngagem suwantenipun tiyang alit supados kawilujengan punika saged lestari ing gesangipun Naaman. Sinaosa Naaman punika kagungan kalenggahan ingkang adi, nanging Naaman purun mirengaken swantenipun prajurit ingkang langkung asor sacara kalenggahan. Semanten ugi pasamuwan kagunganipun Gusti Allah, kita kedhah nyadari bilih kawilujengan punika mboten tuwuh karana swanten-swantening para pamangku kebijakan kemawon, ananging ugi swanten-swanten saking tiyang-tiyang ingkang asring dipun anggep ringkih lan mboten nggadhahi kalenggahan punapa-punapa. Pramila, sumangga kita ngudi gesang ingkang andhap asor lan tinarbuka anggenipun mirengaken swantenipun umat, mliginipun ingkang ringkih. Amin. [RAL].
“Nalika kita mirengaken tiyang sanes, kita sami mbikak dhiri kita tumrap donya enggal ingkang kebak kamungkinan.” – Anne Lamott